Selasa, 07 Juni 2016

PUSTAKA RAJA PURWA RAHASIA SEJARAH TANAH DHAWA NKRI


PUSTAKA RAJA PURWA RINGKESAN
Pandobrag Kaluhuran NKRI, Palenggah Kasejaten Pancasila
dipun bedhah dening: R. Ravie Ananda


PUSTAKA RAJA PURWA
Pustaka Raja Purwa tegesipun pakeming sadaya serat – serat Jawi, utawi empu sarta tuking/tetungguling serat – serat Jawi sadaya.

Taun ingkang dipun agem inggih punika taun Surya Sangkala lan Candra Sangkala.
Surya Sangkala ( SS ) ateges taun mletheking Surya wiwit Ajisaka Hangejawi ing Tanah Dhawa. Candra Sangkala ateges taun mletheking Candra wiwit Ajisaka Hangejawi ing Tanah Dhawa.
ingkang kangge patokan : SS 1 sami kaliyan 68 M

Pustaka Raja Purwa kaperang dados kalih :
1. Serat Pustaka Raja Purwa ; wiwit taun 1 ngantos dumugi taun Surya Sangkala ( SS ) 800/Candra Sangkala ( CS ) 824 ( kirang langkung taun 68 M – 892 M )
2. Pustaka Raja Puwara ; nerangaken lelampahan wiwit taun SS 891 dumugi taun SS 1400 ( kirang langkung 965 M – 1468 M )

Pustaka Raja purwa yasanipun Sri Batara Aji Jayabaya nata binatara ing Nungsa Jawi ingkang ngedhaton ing negari Dhaha inggih Mamenang Kedhiri.

Bebukanipun amargi nalika Sang Hyang Narada lan Sang Hyang Panyarikan rawuh dhateng Kediri, handawuhaken lalampahanipun Tanah Jawi ( Tanah Dhaha/Mamenang ) manut pemutanipun para Dhewa.

( geneya dudu manut pemutanipun Jayabaya ? Bisa uga Asma Jayabaya wus misuwur sak durunge anane pustaka Raja Purwa, lajeng jamanipun Pustaka Raja Purwa dipun dhamel, sanes jamanipun Jayabaya malih, lan asmanipun Jayabaya amung dipun ampil kangge niyat ngendih babad, supados dipun anggep yen Ratu ingkang Agung kemawon ngakeni menawi asalipun manungsa Jawa saking India : Ravie Ananda ).

Prabu Jayabaya lajeng dhawuh dhateng para empu, mengeti wiwit taun 1 dumugi tahun 636, lajeng katunjukaken kaliyan serat Jitapsara lan serat Jid Saka panganggitipun Bagawan Palasara ing Ngastina, nyebataken trah tumerahipun para Dhewa wonten Tanah Jawi, sarta tangkar- tumangkaring manungsa sak lelampahanipun wonten Tanah Jawi. Awit saking sasmitanipun Dewi Rukmawati putrinipun Sang Hyang Anontaboga kala wewarah dhateng Begawan Palasara ing wiwit taun SS/CS 637 – 800 SS/CS ( 705 M – 868 M/741 M – 904 M ). Serat – serat wau katundukna lan pengetanipun para ratu Tanah Jawi, sedaya aturanipun Prabu Jayabaya Kedhiri ( Mamenang ), ingkang kedhawuhan nganggit Empu Jongga ing taun 848 SS/CS ( kirang langkung taun 936 M/972 M ). Para empu sami kadhawuhan damel karangan hamiyambak, methal – methal manut kasagedhanipun piyambak – piyambak hanjeprah ing sak indhenging negari. Ringkesaning carios, wiwit Sangkala hangejawi ngantos babadipun sedaya Redhi – redhi lsp.

( Bab Begawan Palasara tampi piwulang wiwit taun SS 637 – 800 ( 705 M – 868 ) utawi 741 M – 904 M wonten ing sejarah Indonesia wekdal punika rak saweg jamanipun Kerajaan Kalingga, Syailendra Mataram, ratu ingkang misuwur inggih punika Empu Sindok kerajaan Medang : Ravie Ananda ).

Serat Maha Dhewa Budha
Sang Hyang Guru jumeneng ratu ing Medangkamulan Kawitan asma Raja Maha Dhewa Budha ( ing gunung Gedhe Bogor ), paring piwulang tetedhan sedaya kewan – kewan, ngantos dumugi pindhah negari ing wukir Mahendra ( Lawu ). Kaanggit dening Empu Padma ing Mamenang SS 841 CS 877 ( 909 M/945 M ).

( Wonten sejarah Indonesia, wekdhal punika saweg jamanipun nata Empu Sindok: Ravie Ananda ).



Serat Dhewa Raja
Nerangaken para putra Sang Hyang Guru sami jumeneng nata hamiyambak, ngantos taun SS 841/CS 877. Ingkang nganggit empu Sahasrakirana ing Mamenang.

Serat Maha Resi
Serat Maha Resi dados kalih perangan SS 201 – 300/CS 207 – 307 ( taun 269 M – 368 M ).
(Kudune serat iki kang ana luwih dhisik tinimbang Purtaka Raja Purwa sebab yen dinelok luwih tuwa taun anggone digawe tinimbang Pustaka Raja Purwa kang digawe taun 800 an Masehi, ateges Pustaka Raja Purwa kanti alus ngendhih lan nindhih babad – babad sak dhurunge lan ngenomake babad – babad kang luwih tuwa. Wonten ing sejarah Indonesia, saweg jaman kerajaan Taruma Negara ing Jawa Kilen, taun 300 M - 400 M: Ravie Ananda).

1. Resi Kala
Sang Hyang Siwah dados ratu wonten Medang Siwandha, jejuluk Maha Raja Balnya, ngantos Sang Hyang Kala wonten ing Medangkamulan jejuluk Berawa ( Pengrusak Tatanan ).

2. Budha Kresna
Sang Hyang Wisnu Jumeneng nata wonten negari Medangkamulan, pindhah nami negari Purwacarita jejuluk Sri Maha Raja Budha Kresna, ngantos dumugi Sang Hyang Rudra dados ratu wonten Gilingaya. Kaanggit dening Empu Kundala ing Mamenang ).

(Makaten wau gontas – gantosipun ratu, ingkang asli tanah Dhawa wonten Pustaka Raja Purwa mboten wonten. Mestine kedahipun wonten, nitik kenyataan sejarah saged dipun sumerepi bilih ing taun – taun wau sampun wonten kerajaan – kerajaan ingkang gantos – ginantos ing Tanah Jawi : Ravie Ananda) .

Sejarah Indonesia ingkang saged kangge panimbang leres mbotenipun carios babad – babad Tanah Jawi lan gaman pandobraging Babad Asli Tanah Jawi ingkang taksih kapendhem antawisipun : ( dening Ravie Ananda )

DUGINIPUN BANGSA HINDU ( sinten ingkang maringi asma bangsa Hindu ? )
Duginipun Bangsa Hindu ing Jawi Kilen taun 300 M – 400 M (CS 232/332 CS).
Wondene sababipun awit bangsa Hindu kasengsem kaliyan kasuburanipun Indonesia. Bangsa wau dugi saking negeri – negeri “ Hulu Sungai “ Kitsna lan Godawari lan saking pesisir wetan ingkang katelah Kalingga (Keling).
Wiwitipun, bangsa wau dugi ing Jawi Kilen (Pasundan) lan yasa kerajaan Taruma Negara ingkang dipun ratuni ratu – ratu turunan Purnawarman. Agami Bangsa Hindu inggih punika Agama Brahma , Wisnu lan Syiwa (Tri Murti).

Tiyang Hindu pitados kaliyan Panitisan. Adat agami wau inggih punika ngobong gesang – gesang janda/randha ingkang dipun tilar pejah keng garwa (sedha obong).
Tiyang Hindu ngasoraken derajatipun tiyang Pasundan (punika mertandani wonten cikal bakalipun piyambak ingkang nurunaken suku Pasundan (sanes saking suku Hindu, dados panemu lan carios bilih suku Jawa sedaya cikal bakalipun saking para dhewa Hindustan, lan sak derengipun Aji Saka hangejawi, Tanah Dhawa dereng wonten manungsanipun, gugur/katingal mboten tinemu nalar, saged ugi punika wau politikipun bangsa Hindu ingkang damel serat – serat utawi ngewahi babad – babad asli Tanah Dhawa supados dipun anggep bangsa ingkang utami. Kabudayaan ingkang sampun wonten ing Tanah Dhawa sakderengipun bangsa Hindu dumugi ugi saged dipun anggep kagunganipun suku Hindu menawi politik tumpang sejarah utawi ewah – ewahanipun babad tumeka ing sedya : Ravie Ananda).

Sak lajengipun tiyang Hindu mbagi derajat dados sekawan Kasta inggih punika :
1. Brahma
2. Ksatriya
3. Waisya
4. Sudra
5. Paria ( mboten gadhah Kasta ).


Mboten saenipun sesrawungan tiyang Sunda lan Hindu ateges sampun wonten kedadosan Akulturasi budaya, ingkang artosipun bilih sak derengipun tiyang Hindu dumugi dhateng pulo Jawa, ing tanah punika sampun wonten tiyang asli suku Jawa ing pundhi – pundhi kalebet ing Sunda : Ravie Ananda.

Setunggaling piyantun Tiong Hoa, Fa Hian asmanipun, nate dumugi wonten ing Taruma Negara ing 414 M/CS 346 lan nyebataken bilih agama ingkang dipun anut dening tiyang wekdal punika inggih agami Brahma, wondene agami Budha mboten wonten.
(Ananging punapa sebabipun Sang Hyang Guru ingkang dados pimpinaning Dhewa Suralaya ingkang hangejawi wonten ing Gunung Gedhe Bogor miturut Pustaka Raja Purwa jejuluk Sang Hyang Maha Dewa Budha, lan ugi mboten kasebataken wontenipun agami Hindu. Kedahipun rak kasebataken agami Hindu, sebab agami Budha dereng mlebet ?)

Benten malih kaliyan pangendikanipun Redhi Nusantara ( Koordinator acara lapangan Doa Perdamaian Dunia ) nalika dinten Sabtu 7 Maret 2009 wonten ing pelataran Candi Borobudur ingkang dipun pimpin Zurman Druppa Rimpo Che saking RRC, Panjenenganipun ngendika bilih: “ Guru Besar panyebar agami Budha wonten ing Tibet asma Artista Dipangkara. Panjenenganipun asal saking Jawa. Saderengipun adeging Candi Borobudhur, Guru Besar punika wau hijrah dhateng Tibet ing jaman kina lan nyebar agami Budha “ : Ravie Ananda

Wonten ing seratan sejarah ugi dipunsebutaken bilih Wangsa Syailendra milai wonten ing taun 750 M – 850 M (CS 682 – 782 CS). Milai raja – raja Syailendra saking Sriwijaya ingkang nguwasani Kalingga, lajeng dipun gantos nami Kalingga dados Mataram. Awit raja – raja Syailendra punika wau agami Budha, dipun damel candhi Budha Borobudhur, Mendhut lsp.

Pustaka Raja Purwa benten malih anggenipun nyebataken adegipun candi Borobudur, inggih ing SS 140 (208 M) ingkang ateges langkung sepuh taunipun menawi dipun bandingaken kalihan catetan sejarah Syailendra, pramila menawi makaten saged dipun kinten ugi menawi Borobudur punika wau sajatosipun sampun ngadheg sak derengipun Masehi lan dening wangsa ingkang nguwasani wekdal punika lajeng damel prasasti enggal ingkang ngendhih babad Aslinipun. Prasasti ingkang kapanggih ing dhusun Karangtengah Temanggung daerah Widosari Magelang ingkang dipun muat wonten ing Serat Kabar W. Bhakti tgl 10 Agustus 1965 nyebataken bilih adhegipun Borobudhur wonten ing taun 824 M dening Sang Raja Sama Tunggal, malah Sang Raja piyambak ingkang pasang sela kapisan, dene dipun bikak kangge umum dening putrinipun asma Dewi Sama Wardani ing taun 842 M (CS 774). Pramila lajeng nuwuhaken prentuling manah kawula “ Ada Apa dengan Sejarah Asli Bangsa Ini, semua berebut mengklaim sebagai hasil Ciptanya, jika Saylendra mengklaim, mengapa dalam Pustaka Raja Purwa yang kemungkinan itu jajahan India juga telah disebutkan jauh sebelum Saylendra ada, sudah berdiri Borobudur? Mengapa juga jika itu candi Budha, dari semua patung/arca yang ada di Borobudur, tidak ada satupun yang memiliki nama Sidharta, bahkan arca tertinggi yang tertutup oleh Stupa Puncak yang rapat adalah arca Wisnu Murti Budha, yang seharusnya jika memang agama Hindu yang membuatnya semestinya pimpinan tertinggi dalam mitologi nya adalah Shiwa seperti yang diyakini para arkeolog Indonesia saat ini? Wisnu Murti Budha, merupakan suatu lambing filosofi yang mempunyai makna bahwa Ketuhanan Bangsa Indonesia memang Ketuhanan yang Komplit penuh dengan lambang – lambang yang akhirnya diadopsi oleh bangsa lain menjadi sebuah agama Hindu dan Budha, sedangkan di Tanah Dhawa sendiri, sejak jaman dahulu tidak mengenal bentuk agama dan dhewa – dhewa melainkan Kepercayaan dan Keyakinan terhadap Tuhan Yang Maha Esa yang diterapkan dalam segala sendi kehidupan.

Mengapa juga negara yang mengklaim dirinya sebagai asal kebudayaan candi – candi di Indonesia tidak memiliki candi sebanyak yang ada di Jawa, yang secara logika seharusnya tempat asal haruslah memiliki lebih banyak dari tempat turunannya. Bagaimana juga dengan artefak – artefak yang ditemukan di daerah Bobotsari dan temuan batu bernilai tinggi Le Sang Du Christ di sepanjang DAS Klawing Purbalingga yang terbuat dari bahan Jasper Hijau berbentuk cakram dengan kwalitas dan teknologi tinggi buatan manusia pra sejarah zaman Neolithikum, juga 50 an situs prasejarah di sana? Mengapa hanya Indonesia yang tidak punya sejarah sebelum masehi sedangkan peninggalan prasejarahnya tergolong tua dengan teknologi tinggi, mengapa tidak pernah ada yang berani membuat sejarah peradaban kuno di Indonesia khususnya di Jawa dan selalu cenderung mengkebiri semua temuan dalam ranah JAMAN PRA SEJARAH/ JAMAN BATU dan ranah MATARAM KUNO.
Bagaimana juga dengan fosil rahang dan gading gajah purba yang ditemukan pada tahun 1969 di desa Dayu kecamatan Gandangrejo Kab. Karanganyar yang usianya sekitar lebih dari 1 juta tahun yang lalu dan ditemukan juga di wilayah yang sama peralatan memasak zaman Purba. (mengapa kebudayaan kuno kita selalu digolongkan pada jaman purba, tidak pernah berani meneliti kurun yang pasti seperti kebudayaan negara lain ?).

Dalam pelajaran sejarah tahun 1950 an juga diajarkan bahwa Indonesia mengenal jaman Kuna yakni Batu Purba dan Batu Baru, jauh sebelum 3000 SM. Dan pada zaman Batu Baru disebutkan bahwa orang – orang asli Indonesia (Jawa) telah menjalin hubungan dengan bangsa – bangsa asing seperti Hindu dan Tionghoa. Telah diketahui pula pembuatan perhiasan dari emas dan perak sehingga Jawa dikenal dengan nama Swarna Dwipa (Pulau Emas) begitu pula karena Jawa kaya akan beras kemudian dikenal dengan nama Jawa Dwipa (Pulau Beras). (Ravie Ananda )

Babaring Serat Maha Purwa
1. Purwopadha
Anggitanipun Empu Satya ing Mamenang taun SS. 851/CS 877 (919 M /945 M)
- Tanah Arab saweg kenabian nabi Isa (ateges sampun mlebet taun Masehi)
- Tanah Dhawa dereng wonten tiyangipun
- Tanah Dhawa taksih dados setunggal antawis Sumatera, Bali lan Madura
- Para dhewa ingkang ngedhaton wonten redhi Tengguru tanah Hindi (Himalaya) sami kagungan kersa badhe ngejawantah wonten Tanah Dhawa.
- Lajeng sami hangejawantah wonten Tanah Jawi, dipun pandhegani dening Sang Hyang Guru, inggih Sang Hyang Jagat Noto (kala semanten wonten ing puncaking Gunung Gedhe Bogor (Medang Kamulan I). Sareng 15 taun sami kondur malih dhateng redhi Tengguru, jer kala wonten Tanah Jawi dereng ngerehaken manungsa, kejawi amung ngerehaken para Jin, lelembut lan kewan – kewan.
- Tembung Tanah Dhawa ingkang mastani saweg para dhewa.

Kacarios ing Hindustan wonten ratu asma Prabu Isaka, putranipun prabu Ipaksa inggih Batara Hanggajali, putranipun Batara Yamadhi (Ramayadhi), putranipun Sang Hyang Prawa, putranipun Sang Hyang Ening (sederekipun Sang Hyang Tunggal), kasor perang lajeng lelana tapa brata.
Sang Kala pikantuk sasmitaning leluhuripun ingkang sampun dados dhewa (ateges sakdurunge dadi dhewa wus tau dadi manungsa : Ravie Ananda) supados tapa wonten Tanah Dhawa, sebab saking Aceh dumugi Bali taksih gandheng dados satunggal. Ajisaka mider – mider sak nginggiling Aceh dumugi Bali, mujur mangetan, kathah taneman Juwawut, lajeng dipun sebut Purwopadha (Tanah Juwawut/Tanah Dhawa) (ateges ana ing tanah Dhawa wus ana wit – witane juwawut, ora mawi jupuk saka India : Ravie Ananda). Saklajengipun Prabu Isaka terus dumugi ing redhi Hyang inggih gunung Kendeng tanah Besuki Probolinggo. Kala semanten pindhah nami Empu Sangkala. Inggih kala dinten wau lajeng kasebut taun Sangkala.

(Sinten ingkang maringi asma? Yen Tanah Dhawa durung ana wonge, kanggo apa asma? Sapa sing garep butuh ngarani? Tanda yen Tanah Dhawa wus ana wonge akeh lan wong – wong mau kang ngarani aran marang Sangkala. Lan maneh kudune serat iki ora kalebu ing Purwopadha sebab anggone dianggit kalah tuwa yen dibandingake serat Maha Resi (kang bakal diterangake ing mburi, kang anggone di anggit luwih disik, malah kaceke adoh nganti atusan taun : Ravie Ananda)

Sakwuse tapa tinarima, Prabu Sangkala kerawuhan cahya murub warni Pethak (Dewi Sri), Jene (Sang Hyang Kala), Abrit (Sang Hyang Brama), Cemeng (Sang Hyang Wisnu), lan Ijem (Sang Hyang Guru).

Antawis 5 wulanan, wonten utusan saking Ngerum.
Prabu Rum (Rum) asma Sultan Algabah saking negeri Brusah (lor kilen negari Arab) badhe ngiseni tiyang dhateng pulo Jawa. Sultan Ngerum ngintun tiyang 2 leksa jodo kumplit sakkapurataning tiyang pindhahan, pepak sarwa hanyekapi, sebab pulo Dhawa katingal panjang sanget.


Dumugi pulo Dhawa/Jawa, kabagi sisih ler, kidul, wetan, kulon lan tengah. Hanjujug Paredhen Kendeng Surakarta ingkang hanggalur dhateng Surabaya keleres wulan Nisan tahun Rum 437. Kala semanten tiyang wau sami katrajang maneka rupi sesakit, sami pejah sarta kathah sanget ingkang kemangsa kewan galak miwah dening brekasakan, ngantos kantun 2000 tiyang. Tiyang wau lajeng sami ngempal dados setunggal lan manggen ing Tegal. Ing jaman wau kaetang Nabi Adam sasampunipun jumeneng kalipatullah SS 5154/CS 306/Jawi 1 SS/Wisaka kaetang jaman Pancala 768.

(anane tembung “ Adam ” genah sak wuse anane agama Islam, mula bisa katitik mbok menawi Pustaka Raja Purwa iku babad anyar kang ngendih lan nindhih babad lawas kang asli tanah Dhawa, banjur kalindhih maneh sakwuse mlebune Islam Ing Jawa : Ravie Ananda).

Ing taun SS 3/CS 3 (71 M), tiyang kantun 20 han somah, sadaya sami ajrih lajeng mantuk dhateng tanah Rum perlu matur sedaya lelampahanipun dhateng Ratu. Kesahipun tiyang wau taun SS 4/CS 4 (72 M).

Sultan Algabah lajeng utusan Pandita linangkung sarta wasis ing sedaya bab nami Ngusman Aji saking Bani Israil, supados hangejawi maniti kados pundi kawontenanipun Tanah Dhawa. Sang Ngusman Aji terus bablas hangejawi hanjajah sak indhenging kepuloan ngantos teliti, wekasan mriksani teja manter, nginten bilih dhayaning kawontenan ingkang linangkung, sareng dipun pereki, nyata punika wau tiyang ingkang saweg tapa, inggih Sang Aji Sangkala ingkang kala rumiyin sampun nate merguru dhateng panjenenganipun. Ing ngriku Ngusman Aji dipun aturi ing sarupaning kawontenan lan ingkang pinanggih wonten Tanah Jawi.

Sasampunipun makaten, Sangkala lajeng dinawuhan handerek dhateng Ngerum lan mboten kawratan. Sakdumuginipun tanah Ngerum, lajeng ngadhep Prabu Algabah wekasan dinawuhan sediya tumbal ingkang kangge nulak sarupaning bebeka ing Tanah Jawa.

Dipuncariosaken, sasampunipun antawis 7 dintenan, Tanah Dhawa oreg sarwa geter pater dedet erawati, redhi sami hambledos, jawah deres mawa kilat tatit damel girising sadaya ingkang wonten ngriku.

(jarene durung ana wonge, kok wis gawe wedhi kabeh kang ana ing kono? Tanda yen sejatine wus akeh wonge : Ravie Ananda).

Redhi katingal murub hamulad – mulad, persasat sundul ing ngawiyat.
Sak sireping oreg – oregan, lajeng matur dhateng ingkang utusan, kedadosan ingkang nembe katindakna.

Karingkes sang Ngusman Aji kadherekna dening kulawarganing Sang Kala, nama Empu Bratandang, Empu Baruni lan Empu Braradiyo, terus supados sowan dhateng Sang Maharaja Jagat Nata, inggih ratuning golongan dhewa ing negari Hindu, kaparingan tiyang 20.000 jodo sak ubarampenipun boyongan. Terus dhateng Keling kaparingan 15.000 jodo pepak sak kabetahanipun kekesahan. Kala jaman semanten nama pulo Selan utawi Selon, ingkang mbenjangipun dados negari Ngalengka (Prabu Dasamuka). Teras dhateng Siyem angsal 3000 jodo, ugi dhateng Kencana (Buruni) , Borneo serta saking Makasar Lsp. Teras dhateng pulo Bawehan lan Pawinihan perlu maspadhakna kawontenaning pulo Dhawa, sebab katingal taksih mulad – mulad latunipun lan dereng sidem sedaya. Kala semanten ing taun SS 9/ CS 9.

(Pirang dina/wulan/taun laku mulihe wong 20 somah saka Tanah Jawa menyang Rum wiwit SS 4/CS 4? nitih apa? Pirang dina/wulan/taun suwene tindake Usman Aji menyang Jawa? nitih apa? Pirang dina/wulan/taun tindake Usman Aji lan Ajisaka saka Jawa mulih menyang Negara Rum? Pirang dina Usman Aji lan Ajisaka bali neng Jawa maneh saka Rum kanggo numbali Tanah Dawa? Pirang dina/wulan/taun Ngusman Aji lan Ajisaka kondur maneh menyang Rum kanggo laporan kahanan sak wuse Tanah Dhawa ditumbal suwene 7 dina? Pirang dina/wulan/taun suwene tindake Ajisaka lan Ngusman Aji lan keluwargane Ajisaka sowan dhateng Sang Hyang Jagat Noto ing Tengguru? Pirang dina/wulan/taun panjenengane mau tindak menyang Ngalengka/Keling/Selon, Borneo, Makasar, Pawinihan, Bawean lsp lan nganggo apa anggone ngangkut wong sing cacahe banget akehe mau? Pirang armada prau? Dene taksih mulad – mulad Tanah Jawa, ateges ora mung sedina rong dina olehe oreg lan geter, sebab dicaritakake ing SS 9/CS 9 taksih oreg : Ravie Ananda ).
Wekasan tiyang wau kabagi – bagi dhateng tanah Sumatra, redhi Raja Basa. Sanesipun wonten redhi Kendheng (Kondha) tlatah Rembang, Redhi Oya/Merapi (Jogja), Redhi Dhoyong (Priyangan), redhi Indragiri, Himawan lan Mahameru (Semeru) ing taun SS 16 ipun.

Tiyang saking Keling sami nanem Jenistri asal bektan saking negarinipun

(geneya Jenistri ( udraksha 80 % sak dunya akehe ana ing Jawa, lan kang paling apik kwalitase uga jenitri Jawa. Kudune yen jenitri asal saka Keling, ing tanah mau kang luwih akeh. Nganti sak iki “ Pemasok Jenitri di India dan daerah Sentral Jenistri terbesar di dunia adalah Kediri dan Kebumen : Ravie Ananda).

Ing taun SS 11/CS 11, Sangkala madosi tiyang – tiyang saking sedaya suku ingkang katingal pinter – pinter lan majengi, dipun titi angsal 10 tiyang, inggih punika nami :
1. Pujangga
2. Wisaka
3. Kuwastaka
4. Malindatta
5. Witsyandaka
6. Kumonda
7. Kuratnya
8. Hanuwilipa
9. Sukskadi
10. Saradda.

Sadaya dipun paringi piwulang Sangkala ing bab Kaluwihan, Kasantikan, lan Saliring Kesagedhan ingkang hanyekapi.
Sasampunipun ginalih cekap, Sang Sangkala mantuk dhateng negarinipun, wondene sedherekipun kedhawuhan sowan dhateng Sang Prabu Jagad Nata, ngaturi pelaporan punapa ingkang sampun katindakna wonten ing Tanah Dhawa.

Punika carios sepisanan Tanah Dhawa dipundekeki Manungsa.

(Yen Borneo lan Makasar sampun kebak manungsa, punapa Jawa durung ana wonge? Lah dene transmigrasi kabeh saka Jawa menyang Borneo lan Sulawesi, amarga ing pulo iku taksih sathithik wonge? : Ravie Ananda)

Sak dhatengipun Sangkala saking Ngerum ing SS 11/CS 11
(geneya kasebut ing ngarep negerine Sangkala ing India, lan sak wuse paring piwulang werna – werna lajeng kondur dhateng negarinipun ing taun SS 11 kang ateges kondur ing India, lha sak iki katerangake yen SS 11 Sangkala saking Ngerum? Ora jumbuh bab keterangan kawitan lan katerangan sakteruse, tanda yen kang ngubah utawane kang gawe riwayat, kang niyat ngubah kurang taliti. Yen ing SS 11 wus diwulangi sadaya kabisan ateges wus ana sastra, ananging diterangake ing mburi mengkone tembe ana sastra sakwuse anane dhawuh damel sekar Kawi. : Ravie Ananda)

Sareng Sangkala, Sang Prabu Nata inggih putranipun Sang Prabu Algabah ing ngajeng, utusan tiyang pinten – pinten golongan supados gramen lan sesadeyan barang maneka warna kabetahaning bebrayan wonten Tanah Dhawa.
(carita iki kanggo ngendih kasejaten yen ing Tanah Dhawa wiwit kunaning makuna wis misuwur perdagangane. Geneya Sang Nata dudu Sang Jagat Nata, ananging putrane Prabu Algabah : Ravie Ananda).

Bab sade – tinumbas, kanti ijolan mas utawi kajeng ingkang migunani tuwin barang sanes – sanesipun. Kathah tiyang Rum ingkang lajeng kraos dedunung wonten ing Tanah Jawi hamboyong kulawargane.
(yen pancen Tanah Dhawa diiseni wong saka Rum, ateges Tanah Dhawa wonge luwih sithik katimbang wong Rum, geneya wong Rum lajeng kraos lan mboyong kulawargane sebab kanggo dagang nyenengake, lan malih kok Tanah Dhawa kang diarani Swarna Dwipa (Panggonane Emas), yen pancen emas kuwi amung gawan saking Rum kanggo ditukar kayu (ateges wis akeh wit – witan sak durunge ana carita dhawuh hewa kanggo nanduri sawernaning tetanduran ing Jawi, dadi ora ditanduri dhewa – dhewa India, ing Jawa wus ana tanduran werna – werna), kudune Rum kang sinebut Swarna Dwipa : Ravie Ananda)
Ing SS 29/CS 29 (97 M)
Para tetiyang grami sadaya kakempalaken lajeng pinaringan pernah sagedha gegriya ing panggenan ingkang ginalih utami, terus kaparingan sesepuh nami Tamus.
Saged dipun terangaken bilih dhusun kapisan ingkang sampun utami lan tiyangipun kahtah inggih ing wukir Gedhe wates Bogor lan Priyangan.
(sak mangke nami Buiten Zorg/Kebun Raya Bogor, ing kono sejatine wus ana kabudayan Kuno Tanah Dhawa kang banjur diendhih riwayate dadi kaya mangkene, mula ing Kebun Raya Bogor iku dununge Istana Negara Indonesia kang kawitan kang sak durunge uga wus dadi papane Belanda: Ravie Ananda)

(geneya dudu Kendheng lan Raja Basa kang kudune dadi dusun kawitan, sebab padunungan mau kang didekeki manungsa kapisanan, dene Gunung Gedhe manut babad iki rak mung kanggo lenggahing dhewa – dhewa Suralaya kang amung 15 taun kondur dhateng India lan durung ngerehake manungsa ? ketok banget yen kang gawe babad mulai bingung anggone ngendhih riwayat kang asli : Ravie Ananda)

Salajengipun diterangaken bilih babading redhi :
1. Mahendra/Lawu
2. Candrageni/Merapi lan Marawu/Merbabu

ing SS 30/CS 31 (108 M/109 M)

Sangkala kawiwitan kesahipun saking Rum sampun Umur 98 taunan, lajeng kesah dhateng tanah Awinda, nyara Arab sinebat Tanah Lulmat, ing perlu ngunjuk toya Gesang, wekasan nem malih.
3. Babading wukir Muria ing SS 331/CS 332 (399 M/340 M)

(ateges sak durunge ana Sunan Muria, redhi Muria wus misuwur lan ana situs kuno kang mungkin taksih kapendem utawa karusak : Ravie Ananda)

(menawi ing sejarah Indonesia, taun punika jaman kerajaan Tarumanegara, mula anehe babad iki, dene carita kerajaan – kerajaan kang kudune sak jaman kok ora diterangaken lan kabeh ngandhakaken yen Tanah Dhawa iki pancen kosong lan kaisi dening tiyang Rum, iki tanda yekti menawa babad iki digawe kanggo njajah lan ngendhih riwayat asli Tanah Dhawa Kuno kang wis misuwur nguwasani dunya jaman 2,5 juta taun kapungkur (Atlantis kang sayekti, kang luwih tuwa taune katimbang taun kang disebutake dening Plato : Ravie Ananda)

4. Redhi Donorojo (golongan pesisir ler) ing SS 34/CS 35 (102 M/103 M)
5. Redhi Titisari lan Brangti ing SS 35/CS 36 (103 M/104 M)
6. Redhi Parimbun ing SS 36/CS 37 (104 M/105 M)
7. Redhi Cikorai Priyangan ing SS 37/CS 38 (105 M/106 M)
8. Redhi Gora (Slamet) ing SS 38/CS 39 (106 M/107 M)
9. Redhi Sapada (Sumbing) lan Sadara (Sindoro) ing SS 39/CS 40 (107 M/108 M)
10. Redhi Prawa taun sami
11. Redhi Antaga ing SS 42/CS 43 (110 M/111 M)
12. Redhi Brahma ing SS 43/CS 44 (111 M/112 M)
13. Redhi Kusara taun sami
14. Redhi Sapta Arga/ Martawuj/Diyeng ing SS 44/CS 45 (112 M/113 M)
15. Redhi Hudarati (Harjuna) ing SS 45/CS 46 (113 M/114 M)
16. Redhi Syakala ing SS 46/CS 47 (114 M/115 M)
17. Redhi Mombramuka (Halahulu/Gunung Kumbang) ing SS 47/CS 48 (115 M/116 M)
18. Redhi Nilandusa (Wilis) Madiun ing SS 48/CS 49 (116 M/117 M)
19. Redhi Kulamba ing SS 49/CS 50 (117 M/118 M)
20. Redhi Batukanda (gunungKarang) Banten ing SS 50/CS 51 (118 M/119 M)
21. Redhi Batiwara (Pulosari) Banten ing SS 51/CS 52 (119 M/120 M)
22. Redhi Kapi kilen Banten (wates Sumatra) ing SS 52/CS 53 (120 M/121 M)






Babaripun Serat Maha Dewa
Kaanggit dening empu Padma ing negari Mamenang SS 851/CS 877 (919 M /945 M)
Lampahan angka 1
Para dhewa ingkang hangedhaton ing tanah Hindi sak mangke sinebat Hindustan, sesarengan hangejawantah dhateng tanah Jawi, sami nami Resi, dipun pandhegani (pangagengi) dening Sang Hyang Jagad Nata., jejuluk Prabu Maha Dewa Budha. Adegipun kraton kapisanan wonten sukunipun redhi Gedhe, ing tapel wates Priyangan lan Bogor, hapepatih Sang Hyang Narada, hangratoni sarupaning lelembut, kewan – kewan, kutu – kutu walangatogo, gegremetan, peksi, gendruwo miwah raksasa ing sakiwa tengene daerah ngriku.

(sajatine ana kabudayan Kuno apa ing tanah iku nganti kabeh babad pada ngaku yen pertama hangejawi ana ing laladan iku ? : Ravie Ananda)

Ing SS 140/CS 144 (208 M/212 M)
Sang Hyang Mahadewa Budha yasa Candi wonten sak kilenipun Redhi Candradimuka/Candrageni (Merapi) sinebut candi Borobudur.

(Yen miturut serat iki, Borobudur wus ngadheg ing taun 208 M, dene prasasti kang ditemokake nyebutake ing taun 800 M, ateges bisa bae Borobudur wus ana sak durunge 208 (sebab babad iku babad kang sengaja digawe kanggo ngendhih babad asli tanah dhawa ben kabeh – kabeh diarani saka India), dene prasasti kang kagolong enom taune iku bisa uga prasasti anyar gawean kang nguwasani wektu samono ben dianggep yen Borobudur iku gaweane pangwasa mau : Ravie Ananda).

Inggih punika kawitanipun tanah Jawi wonten Panjenenganing Ratu. Negari dipun nameni Medangkamulan I ing SS 140/CS 144 (208 M/212)
(sangsaya geseh babade karo kang kaceta ing ngarep kang wus nerangake bilih para dhewa sami hangedhaton ing redhi Gedhe Bogor lan amung 15 taun sami kondhur dahteng Himalaya / Tenguru / Hindustan sebab dereng ngerehaken manungsa. Lha yen durung ana manungsane, negari iku banjur isine apa? Rakyate wujud apa ? : Ravie Ananda)

Sang Prabu Maha Dewa Budha jumeneng Ratu wonten tanah Jawi Kaetang sampun 40 tahunan, lajeng damel tatanan kangge pasewakan para ingkang dipun reh makaten :
1. Ing tanah ngare, kangge pisowananing para manungsa (nama negari)
(Serat Maha Dewa Budha iki malah wus nyebutake yen wus ana negari lan maneh ora disebutake yen tanah Dhawa ditumbal disik, lan malah wus isi manungsa tanpa didekeki saka Rum : Ravie Ananda)
2. Ing satengahing wana kangge pasewakaning sagunging kewan – kewan
3. Ing sapuncaking Redhi ingkang inggil piyambak kangge pasewakaning iberan
4. Ing seganten miwah satepining lepen – lepen, kangge pasewakaning ulam toya
5. Ing guwa, ereng – ereng miwah satepining jejurang, kangge pasewakaning para Raksasa, Dhanawa, miwah Dhiyu, Ditya lan Pasaka.
6. Ing ngembel – ngembel punika pasewakaning para gegremetan
(arane dhewe – dhewe mesti bae wujude ya seje, apa ing Negara India ana aran mawarna – warna Raksasa kaya kang kaceta ing dhuwur ? : Ravie Ananda)

Ing SS 142/CS 166 (210 M/234 M)
Sang Hyang Maha Dewa Budha yasa kedhaton utawi Prasadarja ing Puncaking Redhi Kumala.
(digoleki kayane taksih ana tilase, kang bisa uga sak durunge babad iki ana, wewangunan iku wus ana sakdurunge, wujud tilarane kabudayan Tanah Dhawa Kuno : Ravie Ananda)

SS 144/CS 148 (212 M/216 M)
Ngatur tatananing Palenggahaning manungsa yen sami sewaka. Sedaya wau rinakit Pancaniti kangge lenggahing para :
1. Lenggahing Ratu
2. Lenggahing Patih
3. Lenggahing Brahma
4. Lenggahing Senopati
5. Lenggahing jaksa, sarta mawi kaupa rengga sak pangkat – pangkatipun


Lah inggih punika wiwitipun Ratu tanah Jawi bilih sewaka mawi tatacara ingkang makaten.
Para Resi uga dinawuhna damel Candi handewe wonten padununganipun lan samiya jumeneng ratu Alit, nanging sedaya kedah ngidhep dhateng Sang Hyang Maha Dewa Budha sarta samiya ngirup sarana pangawikan dhateng rakyat kiwa – tengene ngriku dadosa kawulanipun.

Wonten carios ing SS 144/CS 148 (212 M/216 M)
Sang Maha Dewa Budha kagungan cecangkriman dhateng para ingkang sumewa makaten :
1. Luhur ingkang hangungkuli wukir
2. Wiyar ingkang hangungkuli samudra
3. Padang ingkang hanimbangi rainten
4. Radin ingkang nyameni tanah Leta

Para kawulanipun ingkang hawarni – warni kutu – kutu walang atogo, kewan daratan, iberan, kewan toya miwah lelembut dumugi golongan manungsa sadaya mboten wonten ingkang saged hambatang.

Kala semanten Sang Hyang Maha Dewa Budha kewran.
(geneya kerwan, wong cangkrimane dhewe, kari diterangake dhewe rak ya bisa to ? : Ravie Ananda).

Lajeng handangu Sang Hyang Narada patihe
(Lha patihe kok ya ora bisa mbatang, ananging ngerti sapa kang bisa mbatang? Rak ya aneh ta ? : Ravie Ananda)

Sinten ingkang saged hanjarwani sasmita wau, aturipun Sang Patih “ Kejawi Ratuning gandaruwo kadhos mboten wonten ingkang saged hanjarwani sasmita wau.
(geneya ratuning Dhewa lan patihe kalah pinter tinimbang ratuning Gandaruwo : Ravie Ananda)

Ringkes, ratuning Gandaruwo katimbalan wekasan kabatang makaten :
1. luhur ingkang hangungkuli wukir ateges ratu ingkang hamradinaken dhana
2. Wiyar ingkang hanglangkungi Seganten tegesipun ratu ingkang hanggelaraken para marta
3. Padang ingkang hanimbangi Rainten ateges ratu ingkang hanglampahaken periksa
4. Radhin ingkang hanyameni tanah Leta ateges ratu ingkang hanglimrahaken guna.

Sareng mireng aturipun Sang Genderuwo, Sang Hyang Maha Dewa Budha rena ing penggalih, wekasan Sang Genderuwo kapetalaken saking golonganipun lan tetep kaangken sak bongsa kaliyan para Dhewa.

(geneya gandaruwo diakoni sak bongsa karo dhewa, lah yen babad nyaritakaken tanah Dhawa sak durunge isi Manungsa saka India lan Rum isine mung lelembut lan gandaruwo kaya kangkaceta ing babad “ sejarah kawitane wong kanung lan wong jawa “ kang nyebutake bilih wong asli jawa sak bongsa Gandaruwo, ateges wong kene sak bongsa karo dhewa – dhewa ing India : Ravie Ananda).

Ing SS 146 / CS 157 ( 214 M / 225 M ) Sri Paduka Maha Dewa Budha pindhah kraton wonten ing redhi Mahendra inggih redhi Lawu, tapel wates Solo lan Madiun. Ing Ngriku lajeng yasa kedhaton ngemperi ing kraton paredhen Himalaya tengguru tanah Hindu, lajeng kawangun kasuwargan rineka tejamaya, rineka hargadumilah, rineka jonggringsalaka, rineka / rinupa Dawarna – warna , sadaya kumplit sak upa rengganing kasuwargan winangun bale Martyakunda, winangun bale Marakata, winangun bale Korimatangkeb.

(bisa uga ing Lawu wus ana kabudayan kuno Tanah Dhawa kang banjur kanti babad iki diendhih sejatine lan sepaya dianggep asale saka India. Yen kabeh nyonto ing Himalaya, mestine ana ing kana rak ana wujud tilaran – tilaran kaya ing Redhi Lawu kang kandhane nyonto kang ana ing Himalaya, geneya ana ing Himalaya ora ana tilaran kang kaya dene ing Lawu ? : Ravie Ananda)





Para putra ingkang ginalih perlu kajumenengaken hamiyambak upami :
1. Sang Hyang Sambo jejuluk Sri Maha Raja Maldewa ing redhi Raja Basa, nami negerinipun Parwa (Sumatra)
2. Sang Hyang Brama jejuluk Sri Maha Raja Sunda ing redhi Anyar, nami negerinipun Medang Gili (Banten)
3. Sang Hyang Hendra jejuluk Sri Maha raja Sakra (Saka) wonten redhi Mahameru (Semeru), negarinipuin nami Medanggana (daerah Probolinggo)
4. Sang Hyang Wisnu jejuluk Sri Maha Raja Suman, negarinipun Medangpura (Tegal)
5. Sang Hyang Bayu jejuluk Sri Maha Raja Bima, negarinipun ing Bali wonten puncaking redhi Karang
Sedaya kedah seba dhateng Sri Maha Raja Budha

(nitik kang disebutake iku, bisa dimangerteni yen kabudayan ing Tanah Dhawa wus sumebar lan agung, mila yen diendhih kanti numpangi babad lawas, kabeh bisa kendhih kabeh, monggo dipun galih malih ing salebeting manah kita sedaya : Ravie Ananda)

Saking kinedahna badhe gantos kawontenan in SS 174 / CS 179 ( 242 M / 247 M ), redhi Merapi hanjeblug mawa swanten hanggeteri. Bumi gonjang – ganjing, kados meh hangobahaken jagad, manungsa sak kewanipun sami pating gedandap ngaler ngidul poyang payingan mados gesang. Malah kathah manungsa ingkang sami pejah kabalebek lahar.
Ingkang perlu kocap ing ngriki :
Para dewa – dewi ingkang sami manjalma wonten tanah Dhawa sami geger, wekasan sami ngungsi wonten Sang Hyang Maha Dewa Budha.
Panjebluging redhi Merapi, sedaya wewangunan lan kedhatonipun Sang Hyang Maha Dewa Budha rusak ajur mboten kalap samenir, makaten ugi ing sedaya puncaking redhi ingkang sami kadunungan kedhatoning para dewa, wewangunanipun risak, semanten ygi recanipun sak kabuyutanipun sami sirna sedaya.
Sapisan malih, punika gogroging reca – reca Borobudur.

(miturut sejarah enggal, Borobudur wonten ing abad 8 ateges taun 800, ananging miturut babad lawas kados dene Pustaka raja Purwa Punika, Borobudur sampun gogrog ing 242 M/247 M, pukika kemawon babad ingkang sampun ngendhih/ngenomake babad asli, pramila saged dipun kinten bilih sajatosipun Borobudur sampun wonten wiwit Kina, saderengipun tiyang India hangejawi . Dewa – dewa sami geger lan ngungsi, makaten ateges sami kaliyan manungsa to, mila saged ugi dewa punika amung sami – sami manungsa ingkang lajeng dipun damel wontening tingkatan kasta wekdal semanten, lan tingkatan dewa punika kasta ingkang paling inggil : Ravie Ananda).

Dhawah sasmitaning Dhewa luhung makaten (sak laras lan kersaning Ingkang Maha Esa)
1. Urubing Badhan mesti kawasesa dening Eling/Ati
2. Urubing Ati mesti kawasesa dening Nyawa/urip
3. Urip mesti kawasesa dening Dewa (Kang Maha Kuwasa)

1. Bala kawasesa dening Ratu
2. Ratu kawasesa dening adil
3. Adil kawasesa dening wicaksana

(sapa dewa luhung mau, kok dudu Sang Hyang Maha Dewa Budha, iku ateges Sang Hyang Maha dewa Budha kalebu dewa biasa : Ravie Ananda)

Gantining lakon
SS 193/CS 199 (261 M/267 M)
Ratu 5 wau sami daredhah ingkang tanpa wates. Para ratu, satriya, para tetunggulipun dumugi rakyatipun sami rebatan pasiten, pawestri, harta, rukmi, saweneh rebat kawruh, rebat leres, rebat kekiyatan lan rebat unggul. Teras makaten ing saben kita ageng, kita alit dumugi ing dhusun ingadhusun, wekasan negari dharedhah, tetiyang sami ajrih, wekasan Negara saged dipun wastani gedher lan resah ing siang dalu. Terus wontening peprangan ageng lan alit ingkang tanpa wekasan, negari pikantuk bebenduning jagad, ugi saged dipun wastani Pameling Kang Maha Esa.


Nyebal garis wau, manut kapercadosan Tanah dhawa, yen Ki Semar Badranaya sayekti inggih Sang Hyang Ismaya, pernah kakangipun Sang Hyang Jagad Nata inggih Sang Hyang Guru, kala semanten saweg hangedhaton wonten puncaking redhi Mahendra (Lawu). Sak kulawarganing dewa sedaya. Malahan para putranipun sak sanak sedherekipun Sang Hyang Jagad Nata sami jumeneng resi lan maha resi dumugi ratu alit ing puncaking redhi – redhi Tanah Dhawa wiwit Sumatra Wetan, dumugi Madhura lan Bali lsp.

(Yen Semar pancen asli saka India lan kakange Sang Hyang Guru, geneya ana ing India ora ana Semar, anane ya mung ana ing Jawa : Ravie Ananda)

Ki Semar (Sang Hyang Ismaya) lenggahe hangayomi para lelembut lan suku alus pikantuk dhawuhing Hyang Agung inggih Hamurba Hamisesa, supados nyapih reretuning tanah Dhawa. Jer dharedhahipun ratu gangsal wau mahanani getering bawana.

(lha pimpinane dewa malah ora bisa nyapih, rak kudune sing nyapih Sang Hyang Jagad Nata/Batara Guru to : Ravie Ananda)

Salajengipun Sang Hyang Ismaya sampun pinasti (manut Pustaka Raja Purwa) kinedhahaken momong dharahing Sang Hyang Bayu, Brahma lan Wisnu lsp.
Mila putra – putranipun upami :
1. Sang Hyang Wungkuhan anama Brahmana Raja Weda
2. Sang Hyang Siwah anama Brahmana Raja Bahlika
3. Sang Hyang Wrahaspati anama Brahmana Raja Trista
4. Sang Hyang Yamadipati anama Brahmana Raja Graksa
5. Sang Hyang Surya anama Brahmana Raja Grisma
6. Sang Hyang Candra anama Brahmana Raja Walanta
7. Sang Hyang Kuwara anama Brahmana Raja Hima
8. Sang Hyang Tamburu anama Brahmana Raja Pathuk
9. Sang Hyang Kamajaya anama Brahmana Raja Taddi
10. Sang Hyang Mahyanti anama Brahmana Raja Yukta

(asmane dhewa – dhewa putrane sang Hyang Semar rak ngemperi Ratu – Ratu Tanah Dhawa kang kasebut ing babad iki ateges ratu – ratu didominasi putra – putrane Semar to, ya Semar kang mung ana ing Jawa lan ora ana ing India : Ravie Ananda)

Pangejawantahing dhewa – dhewa wau arsa nyapih ingkang sami panca kara. Dhatengipun sedaya sami hanjujug wonten wukir Mahendra (Lawu) perlu badhe nyirep reretuning jagad.

Salajengipun, para ratu gangsal sami katimbalan dhateng ngarsanipun, dipun paringi sasmita :
Badhan kawisesa dening Manah
Manah Kawisesa dening Nyawa
Nyawa kawisesa dening Dhewa

(ratu 5 wau rak dhewa to? Geneya taksih durung mangertos anane sasmita mau ?: Ravie Ananda)

Sareng mireng dhawuh sasmita makaten, ratu 5 sami rumangsa lepatipun, dene anggenipun mengku bala kekirangan pangrehipun, denira haniti, hanata, hamariksa, saha hamisesa, mongka panggalihipun para nata wekdal semanten :
Bala kawisesa dening Ratu
Ratu kawisesa dening Adil
Adil kawisesa dening Wicaksana

Mila para Brahmana wau sami damel pasang giri tumuju dhateng ratu 5 wau kados makaten mawi ukara mantra :
A, I, E, U, O
(pasang giri iki kang sak iki ana ing kalangan kejawen klenik dadi jimat /rapal utawa mantra, sebab ora ngerti carita kawitane kang sayektine amung pasemon anane aksara urip utawa sastra ananging sinimpen ana ing sajeroning carita, mula yen kabeh anggone mriksani , naliti tilaran – tilaran Jawa Kuno para arkeolog namung sinau jawinipun kemawon tanpa mangertosi karep ingkang siningit ing sajeroning carita, ya bakal ora bisa dungkap sejatining kareping pra Luhur : Ravie Ananda)
SS 513/CS 538 (581 M/606 M)
Prabu Basupati (Basurata) pindhah negari ing Wirata, dumunung ing sak kidul wetaning redhi Lawu, laladan kita Ngawi, sinebat nama Wirata II.
Sasampunipun Prabu Basupati damel kraton ngantos nengsemaken, ringkes peputra pinten – pinten, sarta kagungan mantu Resi Parikenan.

Resi Parikenan peputra Raden Kaniyasa kang sekti mandraguna lan saged ngambah gegana.

Raden Kaniyasa terus tapa wonten wukir Sata Rengga, wekasan hapeparab Resi Manumanasa (raja pandhita wonten ing Sapta Arga/Dieng). Resi Manumanasa damel pertapan ing puncaking redhi Sapta Arga sinebut Martawuj.

(Martawuj/Sapta Arga kaubah asmanipun dados Redhi Lawet, sak duginipun Islam wonten Tanah Dhawa, kangge ngendhih kaluhurane Jawa Kuno, lajeng misuwur yen Redhi Lawet punika papan ingkang angker lan wingit sebab kenging dhayanipun para wali ingkang sami musyawarah wonten ing ngriku, lha sak durunge para wali musyawarah ing redhi Lawet, redhi iku rak wus dadi pertapane sang Resi to? Redhi Lawet ana ing laladan Purbalingga Jawa Tengah : Ravie Ananda)

SS 515/CS 530 (583 M/598 M)
Resi Manumanasa katarima dening Hyang Kang Maha Wisesa, sarwa waskita lan sekti mandraguna, yekti yen jinurung dening Kang Maha Esa.

(geneya katrima dening Kang Maha Wisesa, dudu dening Dhewa Jagad Nata ? tanda yekti yen sakjatine para Luhur Jawa Kuna, Sapta Arga uga Semar lan Pandhawa iku asli saka Tanah Dhawa kang duwe pangandel marang Kang Maha Esa, dudu saka India kang pangandele kang taksih marang dhewa – dhewa. Tanda yekti yen ana ing carita wayang, saben – saben Kahyangan lan kasuwarganing para dhewa dirusak dening Dhanawa utawane Raksasa, para dhewa tekan Batara Guru / sang Hyang Jagad Nata kang jare dadi pimpinaning Dhewa ora tau bisa kuwasa masesa Raksasa mau, lan ajegan nyuwun tulung marang dharah Pandawa ing Sapta Arga Dieng kanggo nyapih gendraning kahyangan. Ana dhewa kok ora bisa ngalahake Buta, lan nyuwun tulung manungsa Sapta Arga! Ayo padha wunguwa putra – putra tanah Dhawa RI, wis wayahe dhewe melu hambantu njejegake lan ngedhuk Babad Tanah Dhawa kang sejati, kang nganti sak iki taksih jinajah dening bangsa liya, malahan dening para ahli saka negarane dhewe kang uga ora ngakoni yen Tanah Dhawa iki ana wonge : Ravie Ananda)

Wonten carios malih
Janggan Asmara putranipun Sang Hyang Wungku, wayahipun Sang Hyang Semar (Ismaya) kala semanten ginodha sima kalih, sareng karuwat dados putri kekalih ingkang sepuh asma Dewi Kanistri, ingkang nem asma Dewi Kaniraras )
Janggan Asmara kadhawuhan momong Resi Manumanasa wonten ing Sapta Arga.
Dhawuhing Hyang Wisesa (kok dudu dhawuhing dhewa : Ravie Ananda)
Dewi Kanistri dadosa palakramanipun Janggan Asmara
Dewi kaniraras dados garwanipun Resi Manumanasa

Mangka sayektinipun putri kekalih wau putranipun batara Hira.
Batara Hira putranipun batara Taksa.
Batara Taksa putranipun batara Suksma Warna
Batara Suksma Warna putranipun batara Catur Warna
Batara Catur Warna putranipun batara Catur Kanyaka
Batara Catur Kanyaka putranipun sang Hyang Purbawisesa (Sang Hyang Darmajaka)
Sang Hyang Purbawisesa putranipun Sang Hyang Nurcahya
Sang Hyang Nurcahya (Sayid Anwar) putranipun Nabi Sis
Nabi Sis putranipun nabi Adam

(monggo dipun taliti wontenipun silsilah, punapa tulus punapa gadhah karep politis, nitik silsilah punika saged dipun mangertosi bilih Pustaka Raja Purwa punika sampun endhihan pinten – pinten babad inggih punika sekawit saking babad asli dipun endih babad manut aluran India (dewa – dewa) lajeng dipun endhih malih manut aluran nabi – nabi : Ravie Ananda)

Dewi Kaniraras dipun elih naminipun dados dewi Retnawati.

SS 516/CS 531 (584 M/599 M)
Wonten dhawuh :
Wayah ingsun dekeken ana ing sendhang Pawitra sak wetaning Martawuj, ing imbanging Wukir Sapta Arga.

Kala semanten Resi Manumanasa sak garwa sami ngenggar – enggar wonten petamanan, ngawuningani wonten cahya murub muncar, terus dipun wuningani, sumerep wonten who Supawa kados bolu satunggal, lajeng dipun petik terus kaparingaken dhateng garwa. Sareng kadhahar ambetipun harum lan legi sanget. Sak telasipun handhahar who wau, mak jleg tanpa sangkan gendruwo ngadhep wonten ngarsanipun sarta kadhangu matur :
Kula punika gandaruwo satru tapa. Tapa angsal wiji sumawana saking suwarga. Manawi benjang katanem sampun woh, sintena ingkang dhahar who wau saged hanurunaken Ratu.

(rak kaya babad Ki juru Mertani lan Ki ageng Pemanahan to, mung wohe Klapa. Ati – ati iki carita ora sak lugune, ngemu karep luhur kang siningit ing sak jerone carita, mula yen anggone nampa mung sak lugune carita bakal ora bisa dungkap karep Luhure kang gawe carita : Ravie Ananda)

Sareng sampun makaten, sanajan kadhuwunga Resi Manumanasa jer woh sampun kalajeng kadhahar dening garwa, wekasan mupus bilih sampun kersaning Dhewa ingkang linuhung. Margi saking punika dewi Retnowati kapindhah nami dewi Sumarwana.

Sak mangke ing negari Wirata
Sang prabu Basupati sak garwa sami dhahar jamur barat. Dilalah dados jalaraning sedha sedaya. Sang prabu jumeneng ratu amung 43 taun.
Mila putranipun asma Raden Basumurti lajeng sowan dhateng Sapta Arga, kejawi ngaturi wuninga nyumanggakna sang Begawan kados pundhi dhawuhipun.
Mila dhawuhipun sang Begawan, R. Basumurti jumeneng nata wonten Wirata jejuluk Prabu Basumurti.

Sak mangke ing pertapan Sapta Arga
Dewi Sumarwana peputra medal bungkus, sareng sampun babar, ibunipun mukswa. Bungkus sinidikara dening sang Begawan dados bayi tiga (3) sami jaler :
1. Kang tuwa arane Bambang Sakutrem
2. Kang manengah arane Bambang Sriyati
3. Kang katelu arane Bambang Manumadewa
(geneya carita laire Pandhawa ing Carangan wayang jebul nyonto carita iki : Ravie Ananda)
Kala semanten kaleres SS 523/CS 538 (591 M/606 M)

SS 540/CS 550 (608 M/618 M)
Dhawuh timbalanipun Sang Hyang Jagad Nata, R. Sakutrem kadhawuhan nyirnakna naga raja, wekasan dados wanita dhi asma dewi Nilawati. Sayektinipun dewi wau putranipun Sang Hyang Harunapa. Wiwitipun makaten, sebab dewi Nilawati tapa wonten Pujangkara.

(lha dene Sang Hyang Jagad Nata ora bisa nyirnakna Naga Raja. Carita Dewa Ruci rak nyonto carita iki ta : Ravie Ananda)

SS.544/CS 560 (612 M/628 M)
Dewi Nilawati kagungan putra kakung dipun asmani Bambang Sakri, tetep wonten Sapta Arga.
(kagarwa dening sapa kok peputra ? apa kagarwa dening R. Sakutrem ? : Ravie Ananda)

Ing kala semanten prabu Basukesti mundhut sedaya kenya ingkang hayu – hayu kapundhut dados dara – dara winastan Bedaya, nulad widodari ing Suralaya Hindustan, inggih kasapta. Inggih wiwit jaman semanten mulai wonten Bedaya.

(rak geseh dewe ta babade, babad sakdurunge wus nerangake yen ananing bedaya milai jaman ananing cahya kang kacipta dadi widodari ing kayangan, sak iki kok dikandhana wiwit jaman Prabu Basukesti : Ravie Ananda)

Kacarios ing wukir Mahendra ( Lawu ) wonten tiyang jaler naminipun Kupa, sowan ngarsanipun dewi sekti Rukmawati ing pertapan, matur makaten :
Duh Pukulun, Sang Pandhita, punapa sebabipun selaminipun kula deres wit aren (wektu iku wis ana wit aren lan deres ta, geseh karo babad liyane ing carita iki kang nerangake yen kabeh wit asale saka India ? : Ravie Ananda), bilih badhe kaderes, wit aren kula awe saged tumelung piyambak, makaten ugi yen kula badhe hanggentos bumbung ugi kanti gampil kula awe kemawon sampun tumelung. Nanging sak mangke mboten purun kula awe, handadosna kemenging manah.

Dewi rukmawati dhawuh :
He Kupa, salawase kowe temen ing ati, sak iki wus ora. Jer tapaning ati wus owah. Engeta yen :
Tapaning ati iku temen,
Tapaning nyawa iku eling,
Tapaning rahsa iku ening,

Sing sapa ing saben sadina sapisan bae ngeningake rahsa, adhat barang kang cinipta dadi
Sing sapa ing sadina sapisan eling, sambarang kang kinarsakna teka
Sing sapa temen atine salawase adhat barang kang kinarepna dadi

Mangertiya, gorohira marang anakmu iku kang marakake entuk pameleh, yaiku :
Anakmu jaluk gangsir (gasir) nanging ora kok leksanani, mangka kowe wus saguh. Iku yen kok leksanani, bakal entuk nugrahaning Hyang Agung (dudu dhewa to : Ravie Ananda), sebab iku dhudhuken pekaranganira ing sisih kidul kulon, ing kono ana pendhemane Raja Brana, ya iku marganira entuk kabegjan.
(lha anake jaluk gangsir, sapata kang akon? Sapa kang dhawuh gangsir ngeleng ana kono? Lha ana pendheman iku rak mertandani yen sak durunge wus ana kabudayan lan wonge kang ndadekake anane pendheman mau, yen ora ana manungsa ing Tanah Dhawa sadurunge, banjur sapa kang mendhem raja brana iku ? anane raja brana tanda yekti yen ing jawa wus maju (Raja Brana rak emas lsp kang anane yen wus ngenal teknologi : Ravie Ananda).
SS 554/CS 577 (622 M/645 M)
Prabu Basukesti yasa kabuyutan para Brahmana kadosta :
Ingkang agami Sambo, agami Brahma, agami Hendra, agami Wisnu, agami Bayu lan agami Kala ing seluruh negari Wirata.

(arkeolog saiki rak ngertine mung Shiwa , Brahma, Wisnu (Tri Murti) padahal akeh banget golongan agama dhewa – dhewa lan kabeh ora kasebut agama Hindu : Ravie Ananda)

Ing jaman semanten sampun wonten 6 agama ingkang dipun parengaken madheg pribadhi, murih ayuning kawontenaning negari Wirata (ora malah netheli/ngrongrong Negari : Ravie Ananda).

Ing taun wau Prabu Basukesti sedha, margi kataman kemayaning Begawan Daksatama.
Putra R. Basurata lajeng kajumenengaken Ratu asma Prabu Basurata / Basukeswara.
Wekasan Begawan Daksatama sedha dening prabu Basurata.

Tunggil lampah, kacarios ing wukir Sapta Arga, Begawan Palasara peputra Bambang Sakri. Kala semanten ing kahendran karisak dening Prabu Kunjana Kresna. Para dhewa sadaya kasoran, mila Sang Hyang Hendra mundhut bantuan dhateng wukir Sapta Arga, Bambang Sakri kabekta dhateng kahendran, dipun dhawuhi nyirnakna Prabu Kunjana Kresna. Karingkes Prabu Kunjana Kresna sirna sak balanipun.

(geneya kahendran (Dhewa – dhewa) ora bisa nyirnakna satru lan malah nyuwun bantuan manungsa Sapta Arga : Ravie Ananda)

Saking keparengipun Sang Hyang Hendra, Bambang Sakri ginanjar asma Batara Sakri
(batara lan dhewa jebul amung gelar, wujude rak tetep manungsa ta ? dhewa – dhewa India rak ya Manungsa uga ta : Ravie Ananda)

Ringkesing carios
SS. 853/CS 879 (921 M/947 M)
(menawi wonten ing sejarah Indonesia, punika jamanipun Kerajaan Medang I kanti Raja Empu Sindok)
Batara Sakri lajeng lelana dhateng sabrang, dumigi ing Negara Gujulaha tanah Hindu, kaetang laladan Ngayodya, wondene ingkang jumeneng nata prabu Partawijaya, putranipun Prabu Sandela ing Sriwedari tanah Hindustan.
(Sriwedari rak Solo ta, Gujulaha ugi nami negari Tabela Suket daerah Banten sisih Kidul ta ? ana ing India rak ora ana nami negari Sriwedari lan Gujulaha ta ?: Ravie Ananda)

Sang Prabu Partawijaya saweg kemengan penggalih sebab negarinipun saweg kataman pagrig ngantos sak negari risak lan kasisahan ageng. Saking prihatosipun, Prabu Partawijaya pikantuk sasmitaning dewa supados nyuwuna pitulungan dhateng Wukir Sapta Arga, ing ngriku wonten pandhita linangkung asma Begawan Manumanasa.
(lha rak aneh ta, nganti pageblug ing Hindustan wae entuke sasmita kudhu sowan ing Sapta Arga Dieng Tanah Dhawa, tanda kaluhurane Tanah Dhawa, geneya ora nyuwun tulung dhateng Himalaya kan luwih caket lan kratoning para Dhewa ta : Ravie Ananda)

Enggaling carios, Sang Prabu lajeng utusan dhateng Patih Srengga Badra supados dhateng tanah Dhawa, maniti rumiyin pertapa Sapta Arga, kacarios yen sanget wingitipun, pernah kawontenaipun redhi – redhi wau, sarta ingkang jumeneng Maha Pandhita Manumanasa lsp. Ringkes Patih Srengga Badra mangkat dhateng Tanah Dhawa hanjujug dhateng wukir Sapta Rengga / Sapta Arga.

Batara Sakri sareng dumugi ing negari Gujulaha wekasan kapundhut mantu dening Prabu Partawijaya pikantuk dewi Sati lan peputra Bambang Palasara ing wukir Sapta Arga.

(geneya saiki Palasara malah dadi anake batara Sakri, ing ngarep rak wus kaceta yen Palasara peputra Bambang Sakri , ateges kurang taliti anggone ngendhih babad : Ravie Ananda)
Bambang Palasara peputra Bambang Kresna lajeng jumeneng Maha Pandhita asma Resi Abiyasa tetep wonten Sapta Arga.

(kudune rak Palasara peputra Bambang Sakri, kaya kaceta ing ngarep, lha kok saiki malah peputra Bambang Kresna, ateges ingkang damel babad kurang teliti anggone ngendhih riwayat lan ngubah alur : Ravie Ananda)

Pandhita Abiyasa inggih Prabu Kresna Dipayana peputra :
1. Prabu Destarata, peputra Prabu Suyudana lan Kurawa sanesipun
2. Prabu Pandhudewanata peputra Prabu Darmakusuma lan Pandhawa sanesipun ing Ngamarta
Sampun dilalah kersaning Ingkang Maha Kuwasa, gandhenging dharah Sapta Arga lan dharah Tanah Ngayodya ing Hindustan lantaran Batara Sakri wau.
Mila sareng kemantu, dening prabu Partawijaya kedhawuhan ngaluraken leluhuripun. Batara Sakri matur makaten :
Ing sekawit trahing Sang Hyang Brahma, peputra prabu Tritusta ing Giling wesi.
Prabu Tritusta peputra Prabu Parikenan ing Gilingwesi,
Prabu Parikenan peputra Resi Manumanasa Maha Pandhita wonten ing wukir Sapta Arga. Resi Manumanasa peputra Raden Sakutrem ugi wonten ing Sapta Arga.
Resi Sakutrem peputra Resi Palasara ing Sapta Arga, Jumeneng Ratu ing Ngastina jejuluk Prabu Palasara. Peputra Resi Abiyasa ( Begawan Kresna Dipayana ) kala semanten jumeneng ratu wonten Ngastina.

(geneya Batara Sakri malah ora kasebut ing silsilah, kudune rak Resi Palasara peputra Bambang Sakri, dudu Bambang Kresna : Ravie Ananda)

Ringkesan rumiyin, sak sampunipun Prabu Partawijaya meguru dhateng Begawan Manumanasa ing Sapta Arga, ugi kedhawuhan nerangaken asal – asalipun lajeng matur makaten :
Ing nguni prabu Harjunasosro ing Maespati ( Manuksmaning Sang Hyang Wisnu ) peputra prabu Surya lan dewi Ruri.
Prabu Surya peputra Prabu Partawirya ing Maespati.
Prabu Partawirya peputra Prabu Partanadi ing Sriwedari.
Prabu Partanadi peputra Prabu Sandela ing Gujulaha.
Prabu Sandela peputra Partawijaya inggih kawula punika
Kawula peputra dewi Sati ingkang sampun kula jodokaken kaliyan Betara Sakri wau. Wasana Sumangga Sang Maha Wiku.
Salajengipun Prabu Partawijaya peputra dewi Prati jejuluk dewi Sucitra angsal Prabu Dasarata ing Ngayodya.
Prabu Desarata peputra R. Leksmanawidagdo lan R. Trugena

(kudune rak Babad raja – raja kang nurunaken Prabu Partawijaya disebutake sebab sakdurunge jaman Begawan Manumanasa, ananging ing Pustaka Raja Purwa kok ora tumon nerangake babad – babad iku nalikane nerangake babad taun sak durunge Manumanasa : Ravie Ananda)

SS 247 / CS 254 ( 315 M / 322 M )
Bab Negari Purwocarita
Ingkang jumeneng Ratu Binatara ing Negari Purwocarita kala semanten Sang Prabu BudhaKresna (Sang Hyang Wisnu).

(nitik asmane genah yen sajatine asale agama Hindu lan Budha saka tanah Dhawa, lan sejatine agama loro mau ana ing tanah Dhawa dudu agama, ananging sistem falsafah urip manungsa kang nduweni karep :

Shiwa karepe dhaya Surya
Candra karepe dhaya Wulan
Wisnu karepe dhaya lintang
Bayu karepe dhaya angin
Indra karepe dhaya panca indriya
Lsp.

Kang maksude kabeh mau ngemu pralambang Astronomi. Wong Jawa anggone manembah marang Gustine lan anggone nglakoni uripe ora mung asal nglakoni, ananging wis duwe panemu asronomi kanggo nggampangake uripe, ing tetanen, ing panembah, ing kasarasan, lsp. Ya amarga bangsa liya kang teka lan nggawa kawruh jawa kuno iku ora ngerti karepe mula dhaya – dhaya astronomi kuwi banjur dianggep wujud wujud dewa kang mbleger.

Budha karepe budhi utawane kasuksman. Wong Jawa kuno uga wus nduweni pangertihan kang jero ing babagan Ketuhanan Yang Maha Esa kang kabeh mau gegandhengan karo dhaya alam sebab anane pangertihan jagad cilik lan jagad gedhe. Dhening wong liya bangsa kang sinau kawruh kasukman Tanah Dhawa (ana ing carita perjalanane Sidharta sak durunge ulih pencerahan, uga disebutake yen dheweke tekan tanah Dhawa kanggo sinau kawruh budhi. Mula nganti sak iki pusat wewangungan (kiblate agama Budha sak dunya ana ing Borobudhur, dudu ing Tibet : Ravie Ananda).

CS. 261 / SS 243 ( 329 M / 311 M )
Wonten satunggaling Raja Sebrang ( saking laladan Hindu ) kapernah mantunipun Prabu Budhawaka ( Sang Hyang Brahma ) sowan dhateng Negara Gilinggaya perlu matur badhe hanglurug dhateng negari Purwocarita, niyat males hukum, dene marasepuhipun karisak dening ratu Purwocarita. Sayang dene kirang titi priksa, bilih Ratu Purwocarita wau kaleres pamanipun piyambak, sebab panjalmaning Sang Hyang Wisnu. Perang rame, sedaya kasoran, lan ngungsi dhateng negari Gilinggaya.

SS 254 / CS 262 ( 322 M / 330 M )
Sang Hyang Rudra kakangipun Sang Hyang Jagadnoto tumurun dhateng Tanah Jawi manjalmi. Rawuhipun perlu dhinuta dening Sang Hyang Jagadnoto, hanyapih ingkang saweg peperangan, inggih Ratu ing Gilinggaya lan Ratu ing Purwocarita.
Sang Hyang Budhawaka ( Sang Hyang Brahma ) supados mantuk dhateng negarinipun, sebab ingkang dipun rusak wau keng rayi piyambak, inggih Sang Hyang Wisnu. Lingsem lajeng mukswa dados dhewa malih.

Sang Hyang Wisnu sareng dipun serap – serapaken lajeng mukswa kondur dados dhewa malih, nanging sasampunipun SS 260 / CS 268 ( 328 M / 336 M ).

CS. 264 / SS 256 ( 332 M / 324 M )
Taksih salebeting Sang Hyang Wisnu jumeneng wonten Purwocarita.
Ing satunggiling wekdal saking salebeting kedhaton katingal mulat cahya sesotyadhi ingkang gumebyar hanelahi, ngebaki sak indhenging kedhaton. Saking keparengipun Sang Hyang BudhaKresna, para dhewa kedhawuhan sesarengan hanyipta sagedha dados widodari 7 ingkang hayu – hayu lan linangkung tur mawa cahya gumebyar. Mboten wonten wanita ing dunya ingkang ngemperana. Sedaya wau lajeng dipun paringi nami.
1. Dewi Suprobo
2. Dewi Wilutomo
3. Dewi Siki
4. Dewi Surendrao
5. Dewi Gagarmayang
6. Dewi Irim – irim
7. Dewi Tunjung Biru.

Sesampunipun makaten, sadaya widodari kedhawuhan toyo mubeng – mubeng sak lebet lan sak njawining suwarga ngantos kemput. Saking sarwa linangkung lan hayunipun hangedab – edabi, sedaya dhewa – dhewa sami bingung saking kedhanipun, wekasan sami leng – leng badhe.. saking betah sagedha mriksani tikel tekuk cethanipun, mila ndilalah :
Saking sanget kesengsemipun Sang Hyang Brahma sanalika paningalipun sekawan, Sang Hyang Hendra Satus, Sang Hyang Bayu lan sanes – sanesipun sami niga nyekawan lsp. Betah sagedha ningali ingkang hanglegakna raos.

(dene para dhewa kasengsem marang ciptane dhewe, kudune ora gumun lan ora kalah dhaya karo ciptane : Ravie Ananda).

Inggih ing jaman wau para nata ingkang sami jumeneng wonten tanah Jawi sami kagungan Bedaya / Srimpi kangge lelangenan. (ngendhih riwayat ben dianggep Bedhaya / Srimpi asale saka Dhewa – dhewa : Ravie Ananda).

Wonten kedadosan malih ing negari Purwocarita kedhawuhan Haya, tegesipun Tosan Aji, mila Sang Hyang BudhaKresna dawuh dameli gegaman manut conto ingkang sampun – sampun dening Batara Sukskadi ( Empu ) , sarta kedhawuhan damel awarni padma, dhuwung – dhuwung :
1. dhapur Buntala
2. dhapur Urap – urap
3. dhapur Sepang
4. dhapur Sumpana Leres
5. wiwit jaman wau ing tanah Jawi sampun kathah empu – empu dhewa – dhewa lan sinakti sarta kathah dedamel kangge perang ngantos nyerambahi ing dhusun – dhusun, lsp.

SS 258 / CS 266 ( 236 M / 334 M )
Para widodari sami hangetik waja ( kinten – kinten pangur )

SS 259 / CS 267 ( 327 M / 335 M )
Para widodari sami handamel abriting lati, ingkang dinamel kala jaman semanten mawi :
Tunjung kaya, tawas lan jahe.

SS 260 / CS 268 ( 328 M / 336 M )
Para widodari sami mucang ( ganten ) ingkang dinamel jambe kangge jampi untu.
Ing taun – taun wau para widodari sami milahi saged damel ukeling rema, gelung, ukel, keling, sotor, sanggup, moga, megep, turidan, kembang telung, praba keswara, pataweri, supiturang, tunjung mas, lamongan lan mondragiri. Inggih milai kala jaman wau tiyang jawi sami sisig, tindhik, gelungan, sebab sami niru para widodari.
(wong tanah Jawa wis duwe kabisan kang warna – warna, kanti gawe riwayat widodari, kabeh kabisan mau kalindih, ben dianggep asal saka wewarahing pada widodari / Hindustan : Ravie Ananda).

Sampun mesti, gandheng para putrining ratu utawi dharah – dharah luhur sami tumindak makaten, rakyat ingkang sampun sumerep lajeng tiru – tiru makaten, lan lajeng tumular ing sak indhenging nusantara.
(padahal jare babad ngarep wong jawa asal saka wong Hindustan lsp, lha dene durung duwe kabisan? apa sak durunge ana ing jawa para dhewa durung nyipta pusaka lan kabisan – kabisan mau? Geneya apa bae kabisan lan perkakas kapurataning urip lan kabudhayan kabeh didhamel para dhewa lan widhodari sak wuse ana ing tanah jawi ? ora gawe wektu ana ing India : Ravie Ananda)
CS 272 / SS 264 ( 340 M / 332 M )
Sang Hyang Wisnu dados ratu Tanah Jawi ingkang kaping kalih. Gandheng kados pundi ing negari Purwocarita kala semanten lajeng mboten wonten ingkang jumeneng Ratu, mila lajeng risak.

Ing taun kesebat, Sang Hyang Rudra jumeneng nata wonten ing negari Gilingaya hajejuluk Maha Raja Dewa Esa. Kraton tetep wonten ing Puncak Redhi Gedhe tanah Priyangan. Sang Hyang Rudra wau putranipun Sang Hyang Tunggal, kapernah kakangipun Sang Hyang Jagadnata.
Ing taun – taun wau ing tanah Jawi ingkang Jumeneng ratu agung amung satunggal, inggih Sri Maha Raja Dewa Esa wau. Hangerehaken tanah Sumatera, Jawi, Madura lan Bali.

Ing taun SS 268 / CS 224 ( 226 M / )
Sang Hyang Kamajaya milai ganten ( nginang nganggo gambir, apu, wowohan jambe ) perlu ngabritaken lathi. Inggih punika, tiyang ing tanah Jawi wiwit sami hangganten, malahan mboten among para putri tok, sanajan para satriya kakung sedaya sami hangganten. (wong India nganti sak iki kok ora tumon padha nginang ya ? : Ravie Ananda)

Sang Hyang Hendra yasa gamelan dipun sukani nami gamelan Lokananta utawi gamelan Surendra. Lajeng yasa gendhing ( racikanipun pisan ) upami :
Gendhing : rebab
Kala : gendhang
Songka : gong
Pemathuk : kenong

Wekdal semanten milai ing kraton Jawi wonten gamelan, wekasan lajeng sumebar ing laladan tanah Dhawa sami damel piyambak – piyambak. (geneya ing India, negeri asale para dhewa ora ana gamelan ya ? lan tarian – tariane uga ora diiringi gamelan ? : Ravie Ananda).

Ing taun – taun wau Sang Hyang Kamajaya hambangun telaga warna kangge pranti siram, dipun paringi nami Telaga Warna ( Dieng ). Jer yen kagem siram sintena kemawon lajeng hambagusaken sarira.

(Telaga warna Dieng rak umure wus lawas banget lan kedadeyane saka tilas kawah panjebluging gunung Prau ing kuna, tanda yen Dieng wus misuwur wiwit biyen, mula sak bisa – bisa direka dhaya babade supaya dianggep uga wiwitane saka para dhewa. Dieng rak candine para Pandawa lan sejatine kraton Astina kang riwayate nganti sak iki durung genah ( candi – candi mau sejatine pendhemane awu pra dharah Pandhawa sak wuse ngalahake Kurawa, mula desa – desa ing Dieng akeh kang jenenge padha karo ing carita wayang / Mahabarata. Ana ing India kok ora ana jeneng desa lan kawah kang kaya ing Dieng ya ? umpamane : kawah Candradimuka, gua gasiran Aswatama, desa Pringgondhani, Parikesit, Sapta Arga lsp. : Ravie Ananda)

Ing taun SS 284 / CS 291 ( 352 M / 359 M )
Sang Hyang Rudra, inggih Sri Maharaja Dewa Esa, kersa hambagi negari Tanah Jawi dados nem ( 6 ) Agami, upami :
1. Sri Maharaja Dewa Esa ingkang agami Brahma
2. Sang Hyang Isa / Isu ingkang agami Kala
3. adhinipun malih ( Sang Hyang Iramba ), ingkang agami Bayu
4. adhinipun malih ( sang Hyang Hanida ), ingkang agami Wisnu
5. adhinipun malih ( Sang Hyang Hagina ), ingkang agami Hendra
6. Adhinipun malih ( Sang Hyang Rugistra ), ingkang agami Sambo

(Geneya wus ana agama pirang – pirang lan ora ana kang aran Agama Hindu Lan Budha ? : Ravie Ananda)

Sadaya wau madeg ratuning golongan agami hamiyambak, wonten wewengkoning Maha Raja Budha Esa.
(geneya jaman samono kang pada jumeneng dhewa – dhewa Hindu, kok kudu manut Raja Budha Esa ? tanda yen agam Hindu lan Budha sejatine asal saka pangembangane wong – wong manca kang padha sinau ing Jawa, ya pangertihane wong Jawa kuna kang wus ngerti kawruh manembah kang kumplit, manembah kanti ngerteni astronomi lan kasukman ya kawruh sejatine jagad cilik lan jagad gedhe : Ravie Ananda).
Ing jaman wau, Sang Resi Radio madhepokan wonten Redhi Tasik, lajeng nganggit rangkeping dinten inggih punika : Legi , Paing , Pon , Wage lan Kliwon.

(geneya ing tanah India nganti sak iki ora ana dina rangkep, lan maneh..rak sejatining dina kang luwih dhisik ana iku dina 5 (Legi , Paing , Pon, Wage lan Kliwon). Wondene dina kang cacahe pitu anane sak wuse dina 5 mau : Ravie Ananda).

Sanesipun punika ugi nganggit pranata mangsa 12 ( taksih basa Hindu ) kadosta :
1. Kartika : Kasa
2. Pusa : Karo
3. Manggasri : Katelu
4. Sitra : Kapat
5. Monggakala : Kalima
6. Kala : Kanem
7. Naja : Kapitu
8. Palguna : Kawolu
9. Wisaka : Kasanga
10. Jita : Sadasa
11. Srawana : Dasta
12. Sadda : Rolas

(geneya nganti sak iki pranata mangsa kaya kacetha ing ngarep taksih ana ing Jawa, lan ora ana ing India, lagi padha – padha sak Bangsa Indonesia bae, liya suku Jawa bae wus ora akeh sing nganggo lan ngerteni anane mangsa lan rangkep : Ravie Ananda).

Lajeng anggitanipun Sang Hyang Surya iku iya padha karo rangkeping dina kaya kaceta ngarep.
(geneya wus dianggit sak durunge kok dianggit maneh lan padha, apa ora mungkin yen sakjatine wus ana sakdurunge rangkep lan pranata mangsa iku, banjur dianggit malih kanggo ngendih riwayat asli lan uga padha – padha saking India kok nganggit bab kang padha / rebutan ben dianggep kang nganggit : Ravie Ananda).

SS 299 / CS 300 ( 367 M / 368 M )
Sang Hyang Panyarikan hangejawi manjalma dados brahmana asma Brahmana Hita, sarta hangganti Brahmana Sabrang 8 perlu hambantu panjenenganipun, badhe hanggelaraken sastra wujudipun makaten :

1. Pa Pa Ba Ba Ma
2. Ca Ca ( pasangan ca ageng ) Ja Ja ( pasangan ) Sa
3. Ta ( pasangan ) Ta Da Da ( pasangan Da ) Na
4. Ta Ta ( pasangan Ta ) Na, Dha Dha ( pasangan Dha ) Na
5. Ja Ra La Wa
6. Sa Sa Sa ( Pa ageng Kacoret ) Ha
7. A I E O U RE ( Pa keceret ) Le ( Nga lelet )

(anane aksara lan pasangan kuwi rak nganti sak iki anane ing Jawa, dudu ing India, lagi Sunda wae wus ora ngerti ). Lha sak durunge ana aksara iku, pranata mangsa lan ananing sastra ditulis nganggo apa? Kapiye bisane gawe kasusastran yen durung ana aksara lan pasangan? : Ravie Ananda)
Inggih punika purwanipun wonten sastra ingkang kangge dening tiyang Jawi.
Wondene Dhewa ( Brahmana ) 8 punika :
1. Brahmana Satya
2. Brahmana Walmika
3. Brahmana Alodda
4. Brahmana Aggisti
5. Brahmana Kurata
6. Brahmana Istira
7. Brahmana Sitotda
8. Brahmana Waswa

Brahmana jebul dianggep Dhewa. Brahmana 8 Mau sangkane sak ngendhi? Kayane kok ora tumon ana babade? Bisa wae iku wong – wong misuwur/sastrawan Asli Jawa (Ravie Ananda).
Ing SS 291/CS 300 (359 M/368 M)
Sang Hyang Wisnu nitis dhateng putranipun Sri Maha Raja Dewa Esa ing Gilingaya ingkang pembajeng, wekasan asma Raden Pakukuhan. Dhiwasanipun inguyun – uyun dening rakyat kathah wekasan tetruka wonten ing wana Tasik (Pasundan). Sareng kawuningan dening keng Rama, terus tinundhung saking ngriku, saking Gilingaya kesah lan adhinipun wuragil kadadosna patihipun asma Jaka Puring.

(geneya title Raden anane ing Jawa, ora ana gelar raden ing India : Ravie Ananda)

Ing SS. 300/CS 309 (368 M/377 M) kathah para dhewa saking Hindu sami hangejawantah dhateng tanah Jawi. Hadedunung ing sak kersanipun piyambak – piyambak, lan sami hareraton ing padunungan ing Puncaking redhi – redhi ingkang dipun senengi.

Ing taun wau ing tanah Jawi wonten ratu ingkang jumeneng makaten :
Sang Hyang Rudra jumeneng Ratu wonten Gilingaya (Pasundan)/ing Ciamis, tilasipun Sang Prabu Sri Maha Raja Dewa Esa.

Raden Pakukuhan hapepatih rayinipun (Jaka Puring) hajejuluk Sri Maha Raja Pakukuhan, pindhah negari Purwocarita II terus hapepatih rayinipun asma Jaka Puring. Tilas Kratonipun Sang Hyang Kala, inggih Raja Berawa, ugi tilasipun Sang Hyang Wisnu ingkang asma Sri Maha Raja Budha Kresna ing sukunipun Redhi Lawu.

(ing sukune redhi Lawu rak akeh candine to, malah ing candhi Cetha/Sukuh wujude candi ora kaya liya – liyane lan ngemperi bangunan suku Inca Maya Amerika kang jarene wus kuno banget umure). Kabeh tilas kabudayan kuno Tanah Dhawa dialih babade ben dianggep kabeh kabudayan kang luhur ana ing tanah Dhawa iki asal saka tanah India/dhewa – dhewa India : Ravie Ananda).

Sang Prabu Pakukuhan pindhah asma Sri Maha Raja Punggung, pepatih Jaka Puring. Marasepuhipun, Resi Radi dipun pindhah asma Brahmana Raddi.

SS. 304/CS 313 (372 M/381 M)
Sri Maha Prabu Maha Punggung lajeng jumeneng nata binatara wonten negari Purwocarita II, saya luhur lan misuwur kawibawanipun. Jer kala wekdal punika ing sak indhenging Tanah Dhawa wau amung Ratu satunggal ingkang jumeneng, inggih Sri Maha Raja Punggung (Panjalmaning/Titisan Sang Hyang Wisnu).
Wiwit Sumatera, Jawi, Madura lan Bali amung kawengku dening ratu satunggal inggih Sri Maha Raja Punggung. Jumenengipun sineksenan dening :
Dewa/Jawata 9
Brahmana 8
Resi 7

(Sakjatine iku kabeh pralambang babahan hawa 9 ateges badhan
Babahan hawa 8 ateges Batin
Babahan Hawa 7 ateges Suksma : Ravie Ananda)

Salajengipun lajeng ginentos asma inggih punika Sri Maha Raja Kano.

Sapisan malih ing SS 304 / CS 313 ( 372 M / 381 M )
Sang Hyang Panyarikan manjalma dhateng Tanah Dhawa, terus ngawula dhateng negari Purwocarita dados punggawa.
(geneya pada – padha panjalmaning dhewa ora ngerteni yen punggawane iku panjalmaning Sang Hyang Panyarikan : Ravie Ananda).

SS 308/CS 317 (376 M/385 M)
Sri Maharaja Maha Punggung yasa panggenan kangge pangenggar – enggar sinebut Girigupoyo ing redhi Lawu. Ugi yasa malih pancangkraman wonten redhi Candradimuka inggih ing redhi Merbabu lan ing redhi Candrageni (Merapi).
(jajal wewangunan iku mau kabeh digoleki sapa ngerti kepanggih lan sejatine papan iku mau wus ana sak durunge kaya kang kaceta ing babad/wus ana kabudayan kuno kang misuwur ing redhi – redhi mau, mula digawe babad kang kaya mangkono kang duweni karep ben diarani yen kabeh kabudayan iku asal saka para dhewa India : Ravie Ananda)
SS 311/CS 320 (379 M/388 M)
Putranipun Sang Hyang Kala kedhawuhan dening Sang Hyang Jagatnata hangejawi perlu supados madosi tedha kangge ing salaminipun. Wekdal semanten ugi supados mados tetabuhan ingkang winastan kotekan, utawi ketoprakan sebab pating klotek semangsa lesung dipun thuthuki mawi kajeng (Alu).
(Putra Sang Hyang Kala diutus mados tetedhan saklaminipun ana ing Jawa, uga mados tetabuhan, kabeh kok ya ana ing Jawa. Apa ing tanah India kang jarene Kasuwargane para Dhewa ora ana tetedhan lan tabuhan (ketoprakan) ? Nitik carita iki bisa dimangerteni yen ing Jawa sejatine wus sarwa mepaki bab tetedhan lan wus ana ketoprakan sak durunge dhewa hangejawi, mula diutus madosi ing tanah Jawi : Ravie Ananda).

SS 312/CS 322 (380 M/390 M) Sang Hyang Jagatnata utusan dhateng negari Purwocarita, hamaringi sarupaning wiji rupi – rupi ingkang saking suwarga India dhateng Sri Batara Kano, supados katanemna ing tanah Jawi, upami: ing Wukir Konda (sak ler negari Surakarta), mangetan dumugi laladan Surabaya, sarta mangidul dumugi sak kiduling kita Ngayogya, inggih wukir Oya (gunung Kidul) sarta kasebaraken dhateng pundi – pundi murih katanemna ngantos dados.
(geneya ngutuse nebaraken wiji taun SS 312/CS 322 ateges durung mesti thukul, lha dhawuh golek tetedhan ing taun sakdurunge (SS. 311/CS 320), mertandani sing ngarang kurang taliti anggone ngubah babad, ngutus golek pangan ing tanah dhawa sebab wus sarwa pepak, ananging anggone nebaraken wiji jare kabeh saka India kok malah luwih enom taune, kudune sak durunge ngutus wus nebaraken wiji dhisik to : Ravie Ananda)

Salajengipun Sri Maharaja Kano handhawuhaken babad ing sadaya ingkang sampun kadhawuhaken terus dipun tanemi sarupaning wiji ingkang saged tuwuh ing ngriku (wiji pangananing manungsa)
(geneya ing India kang jare asale sarupaning wiji pepanganan, tanduran pari, pala pendhem, palagumantung lsp. longka, angel thukule, lan akehe namung gandum, durung woh – wohane lan liya – liyane kang cacahe kalah adoh maceme dibandingake ana ing Jawa, malah wiji Jenitri kang nganti sak iki kanggo sarat sembahyangan Hindu India Impor saka Kebumen lan Kediri, sebab angel thukule ana ing India : Ravie Ananda)

Inggih milai wekdal semanten ing tanah Jawi lajeng kathah tetuwuhan kadosta palawija, pala kapendhem, pala gumantung lsp.

Kejawi wau,ugi tinambahan ing sadaya puncaking – redhi – redhi ing sak indhenging tanah Dhawa kedah dipun tanemi sadaya wiji wau, kakintena ingkang saged tuwuh ing ngriku kangge kabetahaning manungsa ( rakyatipun ).

Carios ingkang aneh
Ing taun SS 313 / CS 322 ( 381 M / 390 M ) dipun terangaken : anaking Ditya Lembu Julung, nama Putut Jantaka hamartapa wonten ing redhi Antaga, anak – anakipun sami nedha pepancening tedhanipun dhateng tiyang sepuhipun.
Anak – anakipun nami :
1. Tikus pethak nama Jinada
2. Celeng nama Demalung
3. Wanara nama Kutila
4. Mahesadanu nama Kalamurti
5. Lembu Gumarang nama Kalasrenggi
6. Sangsam nama Randi
7. Kidang nama Ujung
8. Bulus nama Pap
9. Sipat Kurana nama Makura Greges

Sedaya anak – anak wau dipun dhawuhi sowan dhateng negari Purwacarita, inggih Sri Maharaja Kano kangge nyuwun tedha.
(geneya ana Ditya Lembu Julung kok anake werna – werna (namaning kewan – kewan lan Brekasakan) ? Sejatine carita iki wus ana wiwit Jawa Kuno kang duwe karep ing sajeroning carita (pasemon) ananging dening Empu kang yasa Pustaka Raja Purwa kang duwe karep utawane duwe misi politik ngendhih babad salaras karo kersane kang nguwasani (Ratune) wektu samono banjur diendih taune, dene karepe sejatining piwulang kang sinimpen ana ing jerone carita mau wong – wong India ora ngerti : Ravie Ananda)
Sadhatenging ing tepis wiring Negari, sedaya anakipun Putut Jantaka sami nyumerepi rupi – rupi tetaneman lan tetuwuhan, mboten saronta sadaya dipun tedha lan karisak ing sak purun – purun. Rakyat sareng nyumerepi tetanemanipun telas lan karisak, sami nanggulangi, sadaya kawon dening para ingkang sami hangrisak, wekasan konjuk dhateng Sri Maharaja Kano, dados sungkawaning penggalih.

(Lha sak durunge iku, anak – anak mau mangane apa? Geneya wong – wong kang wus diwulangi kaluwihan dening dhewa ora ana sing bisa menang lawan anak – anak mau kang sejatine jeneng kewan lan Brekasakan ya kang jarene Ajisaka/India sejatine tanah dhawa mung isi lelembut tok : Ravie Ananda)

Sang Prabu lajeng tumunten utusan Sang patih, inggih Jaka Puring sowan dhateng Raka Begawan ing pertapan Handhong Dhadhapan, miwah sang Resi ing Gadhing Wukir. Sang Patih Jaka Puring kaparingan Ulugantung kalih sarta :
1. Candramawa
2. Wilujwang
3. Gaman nami Nini Thowok
4. Kenthongan

(Yen iki uga kalebu babad endihan mongka ana Ing Jawa Kuno wus nduweni kabudayan kang lengkap kalebu prekakas kanggo nulak pageblug tetanduran kaya kang kacetha ing carita mau. Uga nganti sak iki tradisi nulak pageblug kanti Nini Thowok lan sebangsane uga mung ana ing Jawa (ana ing India kaya – kaya ora ana Nini Thowok lsp : Ravie Ananda).

Sasampunipun katampi lajeng dinawuhan makaten : yen kawon perangipun lajeng matakka Montra makaten:
“ Hong Wiri Deh Wiri Hoyeh Maya Lama Awaha “
(iki rak tembung Jawa kuno lan dudu basa India to ? : Ravie Ananda)

Ngertiya, yen matak montra mangkono kudu karo nabuh kentongan, ora suwe bakal ana kang teka hambantu marang sira.

Kaelokanipun, sasampunipun montra kawatak lajeng wonten satriya kalih dhateng asma Sangkan lan Turun, punika putra – putranipun Sang Maha Resi ing Handhongdhadhapan.
Kocapa, sadaya anak – anakipun Putut Jantaka sami sirna lan kesah dhateng pundi – pundi saweneh sami teluk sarta kaparingan pernah piyambak – piyambak kadosta :
Wonten lolongan lumbung
Wonten ing lesung
Wonten ing pancadan pawon
Wontening pawuhan
Wonten ing latar
Wonten ing margi
Wonten ing siti ingkang ngembes (jemblek – jemblek)
Lan wonten sedaya tetedhan ngengehan

(nithik carita iki, bisa dingerteni yen Jawa Kuno wus ngudi lan ngerteni anane hama – hama penyakit utawa sarupaning kewan – kewan cilik lan padunungane. Golekana ing India apa ana babad kang nerangake kaya mangkene ? kaya – kaya anane mung carita bab Mahabarata, Ramayana uga dhewa – dhewa kewan kang dadi sesembahan. Bedane wong Jawa lan wong India: wong Jawa wiwit jaman biyen ora ana sing nyembah kewan, ananging wong India ngasi sak iki taksih akeh kang memulya kethek, ula, tikus, lsp. Bukti yen Wong Jawa Kuno bedha dasare karo wong India, lan wong Jawa Kuno wus ngerti Sejatining Manembah marang Gusti Kang Maha Esa ya Kang Akarya Jagad, dudu marang Dhewa – dhewa : Ravie Ananda).

Ngemban dhawuhipun Sang Hyang Jagadnata, Sang Hyang Hendra rawuh ngarcapadha sineksenan para widodari lsp. Sri Maharaja Kano katetepna dados ratuning sedaya Brekasakan lan kutu – kutu walangatogo miwah para sato.

Ing SS 316/CS 325 (384M/393 M)
Sang Hyang Narada kedhawuhan dhateng negari Purwocarita, handhawuhaken dhateng Sri Maharaja Kano :
Sarehning tetiyang ingkang sami nindakna agami Budha sami resah tumindakipun, mila Sri Maha Raja Kano dinawuhan supados sedaya agami terutami ingkang nindakna Agami Budha dipun paringana sesepuhipun, sinebut Pengulu, perlu mranata murih utaminipun, sebab tanpa pengajeng saged kirang laras lampahing panindhaking tatanan Agami.
(geneya ora disebutake anane agami Hindu? Malah anane agami Budha kang ora ana pimpinane, mungkin sebab wus saka kunaning makuna ing Tanah Dhawa wus ana kapercayan Kasuksman/Budha ananging dudu agama kaya Budhane Sidarta, sebab dudu agama lan dadi keyakinane kabeh wong Jawa. Anane anggepan nyeleweng / kurang laras bisa uga amung gawehane bangsa anyar kang nguwasani yaiku India kanggo ngelekaken kapercayan kang wus ana sakdurunge lan kanggo ngapikaken kapercayan kang dadi antepane. Jaman semono wus ana nyeleweng saka garis nindakna rukun agama : Ravie Ananda).

Kla semanten dhawuhipun Sang Hyang Narada ingkang saking Sang Hyang Jagatnata dhawuh malih kirang langkungipun makaten :
Panetepan Pranata Agama, kang dadi Purwa Wasesanira Hambawani Bawana ya kang dadi anggon – anggoning kraton nira.

(geneya sesebutane Sang Hyang Jagadnata utawane Sang Hyang Guru dudu Sang Hyang Shiwa kang ana ing India dadi Ratuning Dhewa : Ravie Ananda).

Kejawi punika, taksih wonten dhawuh – dhawuh kangge watoning agaminipun piyambak – piyambak kados kaceta ing ngandhap punika.
1. He Kano, Rahayu wong kang santosa lan mungkul marang agamane, den leksanani agamane sawiji – wiji kang pinasti kayata :
1. Pangulune
2. tetengere
3. Panembahe
4. Lakune
5. Tapane
6. Hari rayane
7. Larangane
8. Wewenange
9. Pepaline
10. Panglayone
11. Paliyasane
12. Pamulyane
Kaya kang wus kasebut ing sastra.

(bisa dimangerteni yen ing jaman biyen ing Tanah Dhawa wus ana tatanan kang rapi lan luhung tumrap panembah, yen disebutake kaya ana ing sastra, ateges sak durunge ana dhawuh saka Sang Hyang Jagadnata, iku kabeh mau ana ing Tanah dhawa rak ya wus ana disik to bab tatananing panembah : Ravie Ananda).

Sabdhanipun Sang Hyang Jagadnata dhateng Sri Maharaja Kano:
Ing sak Ratu, mawiya tatanan ageman, tetenger, watoning tata rakiting mobah mosiking praja, murih saben golongan wiku utawi pandhita / gur sampun ngantos sami, genah yen amung murih sampun damel kisruhing laras.

(bisa dimangerteni uga yen Jawa Kuno wus ana tatanan kaprajan kang rapi tur luhung kang kabeh – kabeh direka dhaya supaya kalendih sejarah asline lan dadi babad kaluhuran kanga sale saka India : Ravie Ananda)

Dhawuhipun Sang Hyang Jagadnata ing bab tetenger sarta watoning laras kadosta :
1. Wadyabalane kang agama Sambo, pengulune aranana Pramana, nyembahe marang Arca
2. Agama Brahma pengulune aran Brahmana panembahe marang Agni
3. Agama Hendra pengulune aran Sakrana panembahe marang Gunung lan Rembulan
4. Agama Wisnu pengulune aran Ramana panembahe marang Banyu lan Udan
5. Agama Bayu pengulune aran Dimana, panembahe marang Sangkaning Angin
6. Agama Kala, pengulune aran Kalana, panembahe marang sarupaning kang Aeng – aeng

(geneya ora ana kang aran agama Hindu lan dhewa Shiwa kaya dene panemune pra Arkeolog saiki kang saben – saben gawe carita nyebutake yen candi – candi kang ketemu iku candi Hindu Shiwa lsp. Kaya – kaya pra arkeolog ora nyinauni bab babad – babad kuno kanti taliti, amung disinauni njabane tok ateges mung dipangan mentah – mentah ananing carita lan ora digoleki piwulang lan wadhi kang siningit ana ing sak jerone carita lan gothange larikan carita sarta taune : Ravie Ananda).

Dipun dhawuhaken sadaya rakyatipun kedah sami ngenut agama nem rupi kacetha wau ing salah satunggal ( merdhika ngenutipun , aran ora pinaksa ).

Ing SS 319/CS 328 (387 M/396 M)
Sri Maharaja Kano Arsa mangun sastra saking Brahmana Srita (Sang Hyang Penyarikan) ingkang harupi punapa kemawon, wekasan handhawuhaken dhateng sang Brahmana wau supados handhawuhaken dhateng rakyat ing negarinipun sami ngangge sastra – sastra wau. Sarta dinawuhan damel sekar Kawi. Sasampunipun dados, ugi sami kalimrahaken dhateng negari ing sedaya laladan Purwacarita.
Inggih milai wekdal semanten ing nungsa Jawi milai wonten Sekar Kawi kalimrah dhateng plosok negari.

(bisa dimangerteni yen sajatine Sekar Kawi wus ana wiwit Jaman kunaning Makuna ing tanah Jawi, mula nganti diendih babade, lan uga anane sekar kawi ya mung ana ing tanah Dhawa , ora ana ing India kang nganti sak iki bahasane uga nganggo Bahasa Pali : Ravie Ananda).

Ing SS 326/CS 336 (394 m/404 M)
Sang Hyang Citrasena kautus dening Sang Hyang Hendra maringaken gamelan surendra dhateng Sri Maharaja Kano, sarta kadhawuhan hanmglimrahaken dhateng sedaya para ratu Jawi, kenging niru damel gamelan surendra dumugi rakyat. Salajengipun kalimrah sinebut gamelan Slendra.
Dening Sri Maharaja Kano, gamelan wau tinambahan ricikan maketen : Kethuk, salunti, garantang (gambang) , dinawuhaken sedaya kawula samiya damela kados kasebat punika.
(geneya ana ing India ora ana gamelan lan tembang – tembang kawi ? : Ravie Ananda)

SS 327/CS 337 395 M/405 M)
Sri Maharaja Kano hambabaraken sekar – sekar ageng, ugi kadhawuhaken nyebaraken dhateng sedaya kawula alit ing sak indhenging negari.

SS. 328/CS 338 (396 M/406 M)
Sri Maharaja Kano yasa tabuhan kangge perang (nabuhi yen saweg perang), niru – niru tabuhan perang tanah Hayam lan Yahudi sarta Hindu, sedaya wau sinebut Pradhongga.
Ricikanipun dipun wastani :
1. Kala ( kendang )
2. Gorbang ( rupinipun kados bendhe tanpa pencu ( rata ) )
3. Songka ( Gong )
4. Gubar ( gong )
5. Bahiri ( rupinipun sak irib beri, ing pinggire mawi wlingi mubeng )
6. Paksur ( sak irib terbang / tambur, nabuhipun mawi kajeng )
7. Gurnang ( meh kados kenong )
8. Tong – tong ( kados kendang utawi terbang )
9. Grit ( kados terbang )
10. Teteg ( kados bedug )
11. Maguru Gongsa ( kados kemodhong )

Inggih punika jalaranipun ing tanah Dhawa wonten ratu kagungan tetabuhan Perang, lajeng katiru ing saluruh negeri.
(kabeh – kabeh kang ana ing Tanah dhawa ora ana kang asli Tanah Dhawa, kabeh kudu saka India, ya iku perlune bangsa pangwasa utawane bangsa kang neneka gawe babad anyar kanggo ngendih kabudayan sejati kang luwih kuno, conto : gelora bung karno banjur diganti senayan), Tanah Dhawa diganti Hindia Belanda, sapta Arga diganti Ardhi Lawet, samono uga kabeh candi kuno ora kena yen ngasi disebutke sak durunge Mataram kuno/Dyah Balitung, kabeh –kabeh babad kuno Jawa kudu sak jaman karo Dyah Balitung / Rakai Pikatan (miturut arkeolog sak iki) lsp : Ravie Ananda).
SS 338/CS 348 (405 M/416 M)
Sak sampunipun damel negari sak kemakmuran, kasenengan, kamewahan lsp, lajeng Mukswa kondur pulih dados dewa, kondur dhateng Suralaya. Suksma Wisnu oncat, wekasan sariranipun Sri Maharaja Kano kasuksman dening Sang Hyang Kala. (kaetang ratuning lan gegedeging jagad). Lah jalaran saking makaten negari Purwacarita lajeng tansah gendra, resah, terus perang – perangan ringkes morat – marit sirna kaluhuraning kawibawaning negari. Bakal ganti lakon.
(Titising Sang Hyang Wisnu ngantos 34 taun lajeng Mukswa sak laras lan tugasipun hambangun Rakyat tanah Dhawa)

(nitik carita mau kang ateges wisnu iku amung dhaya dudu bleger, ya dhayaning manungsa kang mobah mosik sak laras karo lakuning dhaya alam/Lintang, mula wong India ora mangerteni yen carita dhewa – dhewa Mahabarata amung wulangan kang sinimpen ing sajeroning carita, ya jalaran saka amung ngendih kabudayan Jawa kuno kang kabeh saking Luhure sinimpen ana ing sak jeroning carita : Ravie Ananda).

Sak Jumenengipun sang Hyang Kala manuksma wonten Sri maha raja Kano, terus ngerehaken ratu – ratu ing laladan Sumatra, Jawi, Madhura lan Bali, saking golongan manungsa, lelembut, kewan – kewan lsp.

Sarehning tuwuhing ambek hangkara murka mesti kemawon terus makarti juti, sinten ingkang tindak ayu lajeng ginempur manuta tatananipun Sang Hyang Kala.

Dumugi para Ulu Gantung, Jejanggan Cantrik, Wiku, Maha Wiku , Pandhita , Maha Pandhita dumugi Resi Maha Resi ingkang ngenut tatanan lan agaminipun Sang Hyang Wisnu, sadaya ginentos tatanan lan agaminipun Sang Hyang Kala. Sintena ingkang hambadhal mesti winasesa lan kinebur terus kajajah pisan.

(Wus dadi wateke kang nguwasani bisa tumindak apa bae kanggo mujudake kaluhurane : Ravie Ananda).

Ing jaman rinaton dening panuksmaning Sang Hyang Kala, negari Purwocarita lajeng dados negari ingkang morat – marit , rakyatipun sami ngenes – ngekes lan hambek hangkara, kasenenganipun amung jail jinail, paten – pinaten, miwah terat – rinebat, wekasan negari Purwocarita ingkang sawaunipun gemah ripah loh jinawi lan tata tentrem lajeng terus hura ingkang angel jampinipun.

Ing jaman rinaton Sang Hyang Kala manuksma dhateng Sri Maharaja Kano, nambahi bumbuning nginang (ganten) dados 5 rupi kadosta : Jambe, Apu, Gambir, Sedah lan Sata. Sasampunipun makaten, lajeng kadhawuhan hanglimrahaken dhateng sedaya rakyat ing rerehanipun, wekasan kalimrah sami ganten makaten dumugi jaman sak mangke.

Kejawi makaten, jer niyat damel gendraning negari, jer Prabu mboten remen dhateng mengsahipun, inggih kakangipun Prabu Samaskuta ing Banten, lajeng hanglurug dhateng Sumatra perlu hanggempur Prabu Sangkala. Wekasan Prabu Sangkala sirna sak balanipun.

Konduripun saking panglurugan, mampir dhateng pertapan Batuwarna (Redhi Pulosari) tanah Banten, perlu badhe mejahi Pandhita ing ngriku asma Resi Prakampa.

Kocapa, gandheng kathah dhahuru ing tanah Dhawa, mila Sang Hyang Panyarikan dhawuh dhateng para resi lan ratu rerehanipun Prabu Kano, sesarengan masesa ratu dhurhangkara wau. Sareng sampun sami nampi dhawuh, bilih Sang Hyang Wisnu sampun Mukswa saking Prabu Kano, mila para ratu sak iyeg ngrisak Prabu Kano, wekasan sadaya sirna. Prabu Kano sedha. Sang Hyang Kala Mukswa. Semanten ugi resi Prakampo, sekti lan taksih tinarima dening Jawata ingkang linuhung, sak mukswanipun hanyuwanten makaten :
“ He, sapa bae kang seneng sikara lan gawe pepati wong tanpa dosa, bakal entuk pawelehing Dhewa. Dhilalah wewelaking Tanah Dhawa saking kasektenipun resi Prakampo sinarengan mangsa kala lan jinurung dening ingkang Maha Kuwasa “.
(Jaman Sematen rak jaman dhewa, meksa wus ana kapercadosan dhateng Ingkang Maha Kuwasa, iku tanda yekti yen manungsa Tanah Dhawa sejati wis ana lan kawit kunaning makuna wus ngerti lan nyembah mararng Kang Maha Kuwasa, dudu marang Dhewa – dhewa kaya wong India).
Wedaling latu saking Redhi Batuwarna, redhi Kapi sak kilen Banten (benjangipun dados redhi Krakatau) nyuwara gumaludhug geter pater dhedhet erawati, latu hangalad – alad ngedalaken bayuwara, hanggegirisi ing sak kiwa – tengenipun ngriku.

Salajengipun peteng dhedhet terus jawah hangedab – edabi, wekasan banjir ageng ingkang hangudubilahi sanget, pra manungsa sami geter lan geger apuyengan.

Salajengipun, saking agenging swanten lan mubaling dhahana, sumamburat hangebaki sak kiwa – tengenipun, lumeber dhateng redhi Kapi, terus Hambles sarta mawur sela lan kawahipun, hangelebi laladan dharatan dumugi Banten, wiwit wukir Banyuwara, Pulosari dumugi redhi Kumala (redhi pangera – era) miwah redhi Gedhe Bogor.

Pulo Sumatra sisih wetan, Banten kalebon toya benter, para manungsa, raja kaya, griya, sirna kabalebek toya, kitanipun sirna sak isinipun tanpa tilas kaurug endut lan sela – sela.

Lah punika jalaranipun tanah Jawi pisah kaliyan Sumatra, redhi Krakatau sirna dados seganten, sinebat Supitan Sunda. Sampun mesti sareng toya ingkang ngelebi daratan sirna, saweg katingal yen redhi Kapi sirna dados seganten.

Redhi Samaskuta hanjeblug dados telaga, sinebat telaga Singkarak (dedunung ana ing tengah – tengahe pulo Sumatra, laladan Padang).

Kacarios Patih Jaka Puring oncat saka negari terus dhateng Gilingaya, ringkes lajeng jumeneng nata, hajejuluk Prabu Hiranarudra, hangerehaken negari Gilingaya lan Purwocarita. Jumenenganipun kaetung taun SS 342/CS 352 (410 M/420 M) saged kadumuk bilih negari wau benjangipun nami Galuh.

Ing taun SS 342/CS 355 (410 M/423 M)
Putranipun tetiga kedhawuhan kesah mangetan lajeng tetruka wonten Redhi Pandan (daerah Madiun). Sasampunipun dados anggenipun babade, lajeng dipun sukani nami dekah Pantirejo.

Resi Respati terus tetep mertapa wonten puncaking wukir ngriku, kekasih (jejuluk) resi Wrahaspati.

SS 358/CS 369 (426 M/437 M)
Prabu Herjanarudra dhawuh hamencaraken wiji pantun, jagung, jarak kacang kedele, lsp. Ing pundi – pundi daearahipun.

(ing babad ngarep rak wus dicaritakna yen Sang Hyang Jagadnata dhawuhaken nanem sarupaning wit – witan, saiki kok wiwit Prabu Herjanarudra kang dhawuh hamencaraken wiji ? tanda yen carita babad ngarep lan babad mburi geseh, ya sebab babad iku kang nganggit pirang – pirang empu kang duwe karep bedha – bedha : Ravie Ananda).

Salajengipun kedhawuhan sadaya kawulanipun ing sak jagading tanah Dhawa kedhawuhan nanemi wiji – wiji wau sageda dados tedhaning kawula alit sadaya. Mila milahi taun SS 358/CS 369 sadaya wiji ingkang kasebat wau milai dados witing tetedhanipun kawula Tanah Dhawa.

(lha sak durunge katanem, kawula Tanah Dhawa mangan apa? Apa banjur ora mangan ngenteni ana dhawuh nanemi wiji – wiji mau? Ketok yen kang gawe babad ora adil lan kurang teliti anggone nyaritakake babade tanah Dhawa kang sejati : Ravie Ananda).

Gantos kacarios, bab dewi Basundari putrinipun Sang Hyang Hanontaboga, kausir saking Sapta Pratala, amargi badhe kapundhut garwa dening Sang Prabu Sindhula. Panjenenganipun lajeng kesah sak purug – purug lampahipun, wekasan maratapa wonten wana.

Kacetha tindakipun sang Putri wau piyambakan, amung kadherekna kekasihipun Menda Padra (yen wonten margi kabenteran lajeng dipuntumpaki) lan banyak Patra (bilih perlu nyabrang).

Sareng dewi Basundari dumugi ing puncaking Redhi Pandan (redhi Prasata) inggih lenggahipun Resi Wrahaspati, teras dedunung wonten ngriku. Cekaking kacarios, sareng resi Wrahaspati kapethuk kenyut, kalih – kalihipun sami renanipun, wekasan ginarwa.

Kacarios, dewi Soma, sareng miring resi Wrahaspati hanggarwa dewi Basundari, terus jajabangmawirya wengis, lajeng hanglurugi, wekasan dewi Basundari kondur dhateng Sapta Pratala, kaetutna Resi Wrahaspati.

Wekasan dewi Basundari lan Resi Wrahaspati kadhawuhan tetruka ing puncaking redhi Medanggele. Salajengipun terus Jumeneng Ratu wonten ngriku, hajejuluk Sang Prabu Palindriya. Lah inggih punika panggihing Titising Wisnu lan dewi Sri (Shinta). Ing benjangipun sinebut negari MedhangKamulan III.

Ing SS 360/CS 371 (428 M/439 M)
Sang prabu Herjanarudra dhawuh tanem kelapa, pisang lsp. Jaman punika wiwit ing tanah Dhawa wonten wit kelapa lan pisang, terus katularaken dhateng pundi – pundi laladan tanah Jawi.
(ketok banget anggone meksa ngendhih babad, lha wong wit kelapa lan pisang wiwit kunaning makuna ana ing Jawa iku gudhange, lan uga bisa ditemoni ana ing endi bae negara kayata ing Amerika Latin, Thailand lsp. : Ravie Ananda)

Dewi Basuwati (adinipun dewi Basundari) sowan dhateng Medangkamulan wekasan ginarwa dening Sang Prabu Palindriya. Wekasan dewi Shinta wirang , terus oncat dhateng wana. Gandheng saweg bobot sepuh, wonten ing wana hambabaraken putra kakungipun jejuluk Raden Budhug.

Kala semanten ratu ing tanah Jawi amung kalih, inggih punika :
Gilingaya lan Medangkamulan III.

Ing SS 362/CS 373 (430 M/441 M)
Prabu Palindriya kagungan garwa pangrembe kathah sanget. Kacarios Dhewi Landhep peputra dampit asma :
1. Sri Sulastri (dewi Medang)
2. Kakung asma Sri Suwono

Sareng punika ugi sadaya putri sami peputra cacahipun wonten 26 inggih punika :
1. R. Kurantil
2. R. Tolu
3. R. Gumbreng
4. R. Warigalit
5. R. Warigagung
6. R. Julungwangi
7. R. Sungsang
8. R. Galungan
9. R. Kuningan
10. R. Langkir
11. R. Mandasiya
12. R. Julungpujut
13. R. Pahang
14. R. Kuruwelut
15. R. Marakeh
16. R. Tambir
17. R. Madangkungan
18. R. Maktal
19. R. Wuye
20. R. Menakil
21. R. Prangbakat
22. R. Bala
23. R. Talu
24. R. Wayang
25. R. Kulawu
26. R. Dukut
(geneya jenenge pada karo jeneng wuku (pawukon) bisa uga carita iki wus ana ing jaman Jawa kuno kang ngemu karep Pawukon, ananging sebab ora ngerti karepe, bangsa India nganggep iku saknyatane lan numpangi carita iki kanti kabeh riwayat digathukke kelawan silsilah awal kabeh saka dhewa – dhewa India, kalebu pisang lan kelapa uga saka kana. Lha yen kabeh saka India , sak wonge pisan, mbanjur Tanah Dhawa sak durunge ana Bangsa India teka wujud apa? Apa wujud lemah kosong kang ora ana kewane, ora ana wit – witane lsp? Lha geneya Pawukon iku nganti sak iki anane mung ing jawa tok, ana ing Jawa Barat bae wus ora ngerti lan ora nganggo. Apa maneh seje pulo lan seje negara : Ravie Ananda).

SS. 369/CS 380 (437 M/446 M)
Kocapa dewi Basundari tetruka ing dhusun Cangkring, R. budug saking dolan – dolan, mantukipun dereng saged nedha sekul dhateng ingkang Ibu (Dewi Basundari) ingkang saweg angi.

Sarehning kasesa, ibunipun duka, wekasan R. budug kathuthuk enthong kenging sirahipun wingking sak ngandhaping uyeng – uyeng. R. Budug nepsu lajeng kesah minggat ing sak purug – purug.

R. Budug ringkes lajeng ing ngambil putra dening Resi Bagaspati, kadhawuhan suwita dhateng Medanggalung dhateng Brahmana Raddi, lan dipun elih asmanipun dados R. Radite.
Kocapa, dewi basundari lajeng kelara – lara tinilar ingkang putra, salajengipun teras tapa brata, nyenyuwun pangaksaning dhewa ingkang linangkung, weksan tinarima kedhawuhan pindhah asma dados R. Sitowoko, satriya kakung bagus. Sarta kadhawuhan sowan dhateng prabu Herjanarudra ing Gilingaya, terus kapundhut putra.
(geneya caritane kaya dene babad Tangkuban Perahu/Sangkuriang. Lan uga kok bisa putri tapa malih kakung, iku kabeh ngemu wadi kang sinimpen ing sajeroning carita kang wong India ora ngerteni : Ravie Ananda).

Ing SS. 374/CS 385 (442 M/453 M)
Sang Prabu Herjanarudra ngersakna babad – babad wana, dilalah mencok wit aren, medal tlutuhipun (legen), dipun icipi legi. Ringkes lajeng saged manggih bahan unjukan ingkang seger lan saged kadamel gendhis aren.
Wiwit kala semanten milahi tiyang jawi saged mangertos legen lan dhamel gendhis aren.
(lha geneya babad – babad wana lan nemu wit aren, wana mau rak ya akeh wite kang macem – macem to? Ora susah kudu ditanemi sik wiji asal India tembe bae thukul, rak ya wus thukul karepe dhewe wiwit kunaning makuna ing tanah Jawi : Ravie Ananda).

Ing SS 374/CS 385
Prabu Herjanarudra anggenipun jumeneng ratu wonten Gilingaya 37 taun,peputra kathah, sarta hanurunaken para satriya ing tanah Jawi, langkung – langkung ing jawi Kilen. Wekasan lajeng mukswa kondhur dhateng kadhewatan. Salajengipun R. Sitowoko jumeneng ratu hajejuluk Sitowoko.

Sak badhenipun seleh keprabon, dhateng R. sitowoko, Prabu herjanarudra yasa palaning Dipangga, mila wiwit jaman punika kathah ratu sami malanani kagunganipun Dipangga (pelana Kuda)
(ateges ana ing Jawa wus ana pelana kuda wiwit biyen, mula banjur kawitane di endhih babade, kabeh – kabeh sak pungkure Ajisaka hangejawi, ya amarga mlebune bangsa India ana ing Jawa wiwit taun – taun kuwi (udakara taun 67 M/1 SS/CS).

Sak badhenipun mukswa, dilalah ing negari Gilingaya kathah wewelaking Dhewa, sampun mesti laras lan kersaning Kang manitah, ing ngriku kathah banjir ageng lan sesakit ingkang hanggegirisi sanget. Enjang sakit, sonten pejah, sonten sakit, enjang pejah. Manungsa sami geter lan sedih kingkin. Semanten ugi para luhur dumugi sang prabu ugi makaten.

Dening Brahmana Raddi lajeng katumbal sarta kedhawuhan Baresih desa sinebat Grama Wedha (1 Sura). Sasampunipun makaten, kita Gilingaya dumugi dhusun – ingadhusun saben kawitaning taun kakedhahaken memule dhateng leluhuripun ing dhusun ngriku. Kaprah sinebut Bersih Desa, resik desa utawi baritan.

Kala semanten wiwit tanah Pasundhan ngantos dumugi telatah Jawi tengah lan wetan milai wonten bersih desa ( Baritan )
Ganti Lakon lan Pameleh
Ing SS 376/CS 387 (444 M/455 M)
Prabu Sitowoko utusan kintun serat panantang dhateng negari Medangkamulan II (ingkang raka) wekasan perang ageng – agengan. Inggih sebab makaten punika, moksanipun Prabu Herjanarudra kondur dhateng kadhewatan.

Gantos lakon, ugi salebeting antawis taun wau kirang langkung makaten :
1. Raden Radhite sowan dating negari Medangkamulan tinampi pisowanipun, terus kapundhut putra angkat, badhe kadhaupaken kaliyan kang putri asma Desi Sri Suwati.
2. Sak badhenipun kapundhut putra mantu, Sang Hyang Naradha Rawuh kautus dening Sang Hyang Giri Nata, kadhawuhaken yen R. Radhite wau sayektinipun putranipun piyambak, mila mboten keparengaken kapundhut mantu, sebab putra miyos saking garwa dewi Basundari. Mila lajeng kadadosaken patih, dipun paringi nami “ Sela Cala “

(Jeneng Sela Cala rak kaya jeneng padunungan ing cerak Muria ta ? lan maneh kandhane babad ngarep, padunungan Muria, Kendheng iku kalebu kang kawitan didekeki manungsa. Apa iku ora kalebu ngendhih babad, sebab ing papan kono jaman kunaning makuna wus ana kabuyutan lan kabudayan kang luhur asli Tanah Dhawa ?: Ravie Ananda)

3. Prabu Gilingaya kawon, negari bedhah, terus oncat saking negari, lelana tapa malih, mantuk dados putri asma Dewi Sinta.

(geneya Dewi Basundari tapa malih dadi lanang (Prabu Gilingaya) mbanjur tapa malih dadi wanita malih asma dewi Sinta ? ana piwulang kang winadi kang siningit, sinimpen ing sajeroning carita : Ravie Ananda).

4. Prabu Palindriya kondur dhateng Medangkamulan III malih, sarta patih Sela Cala kajumenengaken Ratu wonten ing negari Gilingaya, kagentos nami negari Gilingwesi. Wekasan jejuluk Prabu Watu Gunung.

Bab dhatenging kaelokan ing jaman semanten
Ing SS 386/CS 397 (454 M/465 M)
Wonten kaelokaning jagad makaten :
1. Brahmana Raddi mawisata ing satunggaling dalu katurunan lintang Surya, paring dhawuh sasmita makaten : Kadaluwarsa luya laya, tegesipun tiyang kesah kalungse ing taun, mantuk bilahi. Enjangipun lajeng memulya Kencana dhateng Surya, dina iku diarani Radhite tegese dina srengenge.
2. Dalunipun malih Brahmana Raddi katurunan malih lintang Candra, paring cipta sasmita makaten : Waktrakanisawinetra Hawindrebudaya tegesipun Muka kecalan Netra hametengi Budhi. Enjangipun lajeng memulya salaka dhateng rembulan. Dinten wau dipun wastani Candra.
3. Dalunipun malih Brahmana Raddi katurunan lintang Hanggara, paring sasmita makaten : Sewurita Sogata Babangganahuri, tegesipun sahabat kecalan guru pancabakah dados ura. Brahmana Raddi lajeng memulya Gongsa kang den mulya latu (geni) . Dinten wau dipun wastani dinten Hanggara tegesipun dinten Latu.
4. ing dalunipun malih katurunan lintang Budha asung wangsit makaten : Sakatanira, daruki pangirada layun. Tegesipun pedhati tanpa kusir, pangiridipun salewengan. Enjangipun memulya Tosan, kang den Mulya Bumi, sinebut dinten Budha, tegesipun Bumi.
5. Dalunipun malih brahmana Raddi Katurunan lintang Wrahaspati asung cipta sasmita makaten : Mamingkare Ngandikara, Karanaya Tuna tegesipun tiyang hanilar padamelan perlu punika dados margining katunan. Bramana Raddi lajeng memulya perunggu lang den Mulya gelap. Dinten wau dipunwastani Wrahaspati tegese dinten Gelap.
(Wrahaspati rak jenenge raja kang wus Mukswa to ? : Ravie Ananda)
6. Dalunipun malih Brahmana Raddi katurunan lintang Sukra asung wangsit makaten : Katentinutijingaya murka wadurwaka tegesipun Hanuruti karsa punika ugi murka, nama durhaka. Enjangipun memulya tembaga kang den mulya Toya. Dinten wau dipunwastani dinten Sukra tegesipun jawah.
7. Dalunipun malih katurunan lintang Saniscara asung wangsit makaten : Samadi masa saya lano palaksana tegesipun hasemados mangsanipun dumugi ing janji tetep kalampahan. Enjangipun memulya timah kangge memulya angina, dipun wastani dinten saniscara tegesipun dinten angin.
(rak geseh dewe to, ing ngarep wis dikandhakna yen dina rangkep digawe sak wuse anane dina pitu kanggo ngrangkepi, ananging ana carita iki malah tembe bae anane dina pitu diwiwiti saka pikantuke sasmita Brahmana Raddi, aneh maneh lintang kok bisa paring sasmita, kudune rak sing paring sasmita iku manungsa luhur, utawane leluhur utawane Dhewa, lan maneh salah sijining lintang kok jenenge pada karo asmane Raja kang wis Mukswa. Genah wong India kang niyat ngendhih babad asli ora ngerti karepe kang sayekti kang sinimpen siningit ana ing sajeroning carita, mula nganti sak iki ya mung ana ing tanah Jawa dina kang ana Pasarane lan taksih kanggo patokan dening manungsa Jawa. Ana ing Jawi kilen bae wus ora mangerti, apa maneh ing liya pulo utawane liya Negara : Ravie Ananda).

Sasampunipun jangkep pitung (7) dinten, Brahmana Raddi matur dhateng sang Prabu Sela Cala, kersaha ngagem sarta kalimrahaken dhateng rakyatipun, inggih wontenipun dinten pitu wau. Sang Prabu ugi mituhokna dhawuhing gurunipun, mila terus kadhawuhaken dhateng wadyabalanipun nanging taksih kedah kerangkepan dinten gangsal (5) : Legi , Paing , Pon, Wage, lan Kliwon.

Ingkang tampi dhawuh sami ngestokaken, lajeng kalimrahaken ing sak indhenging tanah Jawi, kalebet pulo Bali lan Madhura.

Inggih punika purwaning tiyang tanah Jawi sami ngangge dinten pitu lan rangkep lima.

Sareng sampun sumebar sami ngangge dinten pitu wau, Brahmana Raddi mukswa dados sang Hyang Surya malih. Kala semanten kaetang ing taun SS 38/ CS 398 (455 M/466 M).
Tinengeran “ Manggala Sasanga Katon Barakkan “
(rak geseh to, ing babad ngarep wus dicaritakake yen dina rangkep 5 wus digawe kanggo ngrangkepi dina pitu lan wus kalimrahake, lha kok saiki diterangake malih yen dina pitu lan dina lima nembe kanggo ngepasi jamane Prabu Sela Cala lan Brahmana Raddi? Aneh malih, Brahmana Raddi kang jebul Sang Hyang Surya kok pikantuk sasmita saking Lintang Surya ? : Ravie Ananda)

O
TRAH
Karya Ravie Ananda

Dari sehelai batik yang melukiskan kejayaan masa lalu
Dan kenakan ia dengan lebih lekat
mengangkat tentang kehalusan budi
Budi dalam bendera warna
Dari sebilah keris yang melukiskan kejayaan masa lalu
Dan gengamlah ia dengan lebih erat
rasakan sebuah pemujaan agung
pemujaan bergaya klasik
pengakuan terdalam
dari para sukma dan roh suci
kepada tuhaN sejatI
tuhaN tanpa nama
Dari sekulit wayang yang melukiskan kejayaan masa lalu
dan tontonlah ia dengan lebih dekat
nikmati epos kolosal
kebanggan para leluhur tentang kehidupan
ketika tuhaN masih menjadi tuhaN
saat ia bersifat
dan ketika debu kembali
tak berdebu
Dan...
Dari semua yang tak nampak
rasakan ia dengan lebih halus
maka temui ruang tak beruang
Ujud yang selalu abadi
Tanpa suara,tanpa warna sebagai suci
terjamahlah cipta
Rahayu
Sih
O
NAFAS
Karya Ravie Ananda

Nafas timurku segan kepadamu
tapi jangan jajah saudaraku

Nafas Baratmu datang dari jauh
melintas laut
menyinggah pulau berpuluh darat
tapi jangan injak jantung pribumi

Biarkan nafasku dengan aroma timur
setelah hampir semua pribumi mati


Sura Dira Jayaningrat kabeh Lebur Dening Pangastuti
Dirgahayu 65
Di ateges Adi
Arga ateges Gunung
Hayu ateges Slamet
Muga NKRI tansah slamet lan dadi Negara kang Agung lan Mulya kaya dene Gunung Adi, ya Gunung Emas, ya Gunung pralambanging Kaluhuran lan Kejayaan.



Muga Wahyu Kaluhuraning Bawana kanggo Tanah Dhawa NKRI enggal pulih kaya dene Kaluhurane Tanah Dhawa Kuna 2,5 juta taun kapungkur

Muga Pancasila enggal Lenggah kang sejati lan dadi Mustikaning Jagat

Muga Kang Maha Esa tansah Ngesihi : Tanah Dhawa NKRI tansah kalis saking bebeka, makartining sesama, makartining lelembut lan makartining daya pangwasa alam ingkang awon.

Dhayaning Pancasila bisa Nyamadi ing sak Indhenging Bawana
Dhayaning Wisnu, mekaring Wijaya Kusuma bisa hambantu nyirnakna reridhuning Negara

Wus Wayahe Tanah Dhawa NKRI pulih kaluhurane, bebarengan timbuling Tunjung Bang Terate, kumambanging Watu Ireng, lan kereming Prahu Gabus, sarta mijiling Lare Kuncung nitih Turanggaseta, ngacungake panudhuh hing ngakasa. 



Rahayu

Kado untuk Tanah Air tercintaku
Tanah Dhawa NKRI
Salam Pancasila


R. Ravie Ananda

Tidak ada komentar:

Posting Komentar